
KEDADEYAN iki' dakalarni taun 1990, nalika aku isih lungguh ing bangku klas 11 SMP Negeri Kalidawir, Tulungagung. Sekolahanku utanggan ing ereng-erenge pegunungan Tumpak Isis, peranganing pegunungan kendhengg sing mageri segara kidul. Aku isih kelingan, wektu: seniana ngepasi_dina Setu. Nanging tanggale aku wis, lali. Sing isih nabet ing pangeling-elingku, kedadeyan mau bebarengaia, karo njebluge Gunung Kelud ing Blitar.
Cundhuk,.karo_kegiatan ekstra ktirtknler kepramukaan ing'sekolahanku, dina kuwi nedya dianakake-acara perkernarhan Sabtu malam Muiggu (Persamij kai ggo kabeh murid klas 11. Klas 11 dumadi saka nem klas, aku rnanggon ing klas II A. Lokasi persaini manggon ing Iapangan Kalilurnpang,' ora adoh karc sekolahan.
Wiwit bakda Duhur, aku sakanca wis iwut ngedegake tendha. Kanca-kanca saka klas liya uga wiwit tata-tata. Saben klas ngetoni rorrg regu, putra . lan putri. Regu ku , dumadi .tka" bocah telulas. Rilaka lagi gotong, royong ngedegake tendha, ndadak tongkat''singt kanggo nyagaki tendha kurang sawetara lonjor. Ketua reguku.,. Nurdin Wahyudi, nuli ngajak musyawarah kepriye "" carane golek kekurangazie " tongkat mau. Sukarni sing pawakane cendhek ipel-ipel kandha yen" ing omahe• isih akeh tongkat sisa ie kegiyatan taun kepungkur. Rehne omahe Karni kepetung cedhak karo sekolahan, Nurdin setuju. "Njupuka sing rada akeh, Ni. Sisane mengko kanggo gawe gapura karo pager," prentahe Nurdin.
Karni banjur njawil aku supaya ngancani anggonc arep njupuk tongkat Clmal e Karni ing Dhukuh Gunungcilik. Saka sekolahan mung wafiara 2 Km. Mula aku lan,dheweke mung mlaku gliyak-gliyak wae. Jroning aku mlaku tumuju ornahe Karni mau ora rinasa ana owahovcrahan kahanan. Swasarra sing sekawit padhang Ian parlas mbaka sethithik malih dadi petcng repet-repet. Ing ndhuwur nnendhunge peteng lelimengan. Kala-kala kumeolape ,. thathit sinusul K gluclhug , uinleger nggegirisi. Aku' Ian Karni ora maelu rtiarang owahowahan cuaca maU.
Yetenge swasana° asebut dakanggep merga arep 17 izdan. Dumadakan ! kepnrngu swara kemrosoke grimis sing tinampan dening gegodhuragan. Anehe, ora -ana banuu satetes-tetesa sing eeblok. Aku lagi sadhar bareng wpng-wong sing daksimpangr piarlha alok. "Udan Wedhi...udan wedhi..!"
Aku Ian Karni banjur ;nggelak"_1aku. Sawise,.tekan tujuan, aku lan, dheweke gage ngangkut tongkat watara 10 lonjor. Supaya baline luwih cepet Karni banjur ngetokake,sepedhah pancal. Aku dikongkon mbonceng sinambi mikul tongkate. Sauntara`°kizwi"'kalianane saya peteng. Ktlniflate thathit dadi luwih kerep. Udan wedhi uga, keprungu saya derea. Sragam prarnuka sing dakenggo kin rambutku ngeres dening wedhi.
Tekan lapangan dakdeleng kanca-kanca' mandheg anggone,padha gawe-°tendha: Kabeh bocah dikurnpulake ing pinggir lapangan dening Pak Gatot, guru lan pembina pramuka ing sekolahanku. Sawise ngebrukake tongkat, aku lan Karni banjur nggamblok kanca-kanca sing pinuju diwenehi pengarahan dening Pak Gatot. Pak Gatot ngendika, rehne kahanane saya mutawatiri, Persami disumenekake dhisik. Nanging bocah-bocah ora pareng mulih lan diutus ngumpul ing sekolahan. Saka mesjid lor sekolahan keprungu kumandhange adzan Maghrib. Nadyan isih Maghrib nanging swasanane kaya wis bengi banget. Kancaku ana sing nyumed lampu petromaks. Maklum jaman semana listrik durung mlebu wewengkon Kecamatan Kalidawir.
Sawatara wongtuwane murid sing nyusul anake menyang sekolahan banjur matur marang Pak Gatot supaya kegiyatan mau dibubarake wae merga kahanane mbebayani. Anak-anake sing padha melu Persami arep digawa mulih. Aku dhewe uga disusul dening pak lik atas prentahe bapak ibukku._sing sumelang marang keslametanku.
Sekawit Pak Gatot kukuh ora marengake murid-muride digawa bali dina kuwi. Alasane, kegiatan persami bakal diterusake nanging lokasine dielih menyang plataran sekolahan. Sawise eyel-eyelan karo wali murid, pungkasane Pak Gatot ngglendheh lan marengake bocah-bocah digawa bali dening wongtuwane dhewe-dhewe. Sadurunge mulih aku mlayu nedya njupuk tas sing isih daktinggal ana njero klas, dene pak lik isih ngenteni ing pinggir lapangan. Wektu kuwi kahanane wis sepi banget tur peteng. Kanca-kanca wis padha mulih bareng karo wongtuwane dhewedhewe.
Nalika jangkahku meh manyuk ngarep klas, dumadakan keprungu swara guyu cekakakan kaya guyune wong sing lagi suka pari suka. Aku ora ngerti saka ngendi asale swara gumerah mau, nanging saka rumangsaku guyu cekakakan mau kaya gumontang ing njero kelasku. Nyut, aku kelingan yen ujare wong-wong sekolahanku pancen rada angker. Ora adoh karo kelasku ana barongan ori sing jarene dienggo mbaureksa bangsa lelembut. Githokku sakala mrinding. Spontan aku cengkelak mbalik lan cepet-cepet nggendring saka papan kono.
Sawise nyasak udan wedhi akhire aku lan pak likku slamet tekan ngomah. Saka pesawat radio sing lagi muter gelombange radio Mayangkara Blitar, aku lagi mudheng yen kedadeyan udan wedhi mau disebabake anane bencana alam Gunung Kelud sing lagi njeblug. Manut radio Mayangkara,, kurban tiwas ana wong telu. Nanging sawise kuwi siarane radio Mayangkara mau mati pet. Mbokmenawa merga kondisine mbebayani kanggo nerusake siaran.
Sesuk awane, dina Minggu, aku mancal sepedha menyang sekolahan. Jarak antarane omahku menyang sekolahan watara 4 Km. Tujuanku mung siji, njupuk tas sing mau bengi wurung dakgawa mulih. Dalandalan, wit-witan, omah pendhuduk Ian sawah padha kinemulan wedhi kandel. Tan wurunga anggonku mancal sepedha dadi luwih rekasa. Nanging cuacane mbalik kaya sing uwis-uwis, padhang njingglang tanpa mega saipit-ipita sing ngrenggani langit.
Tekan sekolahan wis akeh kanca-kanca saka kelas liya sing uga lagi ngusungi barangbarange. Sawise njagang sepedhah aku gage tumuju kelas. Kelasku ngeres banget. Meja, kursi lan blabag (papan tulis) kinemulan wedhi. Sajake tekaku dhisik dhewe, katitik ora ana tilas sikil ing njero kelas kono. Ning sing ndadekake aku rada gumun, akeh tase kanca-kanca sing durung kober digawa mulih, klebu tasku dhewe, padha ceblok saka njero bangku. Tasku ceblok ing ngisor bangku kanthi kahanan mbukak. Nanging bareng daktliti isine ora ana sing ilang. (ksw).*
