Index

 

Picture

Hosted by www.Geocities.ws


 

ENDHOG LELE

Kedadeyan sing arep dakcritakake iki dialami tanggaku aran Pak Kamid. Kedadeyane patang sasi kepungkur, critane mangkene:

Pak Kamid kuwi sawijining guru SD, hobine mancing. Dina Minggu utawa liburan dheweke mesthi mancing iwak ing kali cedhak omahe. Padatan mangkate jam loro awan, mulihe ngadhepake surup. Krana asring saba kali, dheweke apal tlatah saurute kali sing akeh iwake.

Sore iku Pak Kamid anggone mancing asile ora nguciwani. Atine bungah jalaran ana lele loro gedhe-gedhe nyanthol ing pancinge. Tekan ngomah dheweke enggal methuki bojone. Sejane, iwak pancingane arep dipenyet sambel kemangi.

"Bu, sore iki awake dhewe keturutan mangan pecel lele. Aku sing manggang iwake, sliramu nggawe sambele, aloke Pak Guru klas siji iki sinambi mamerake lelene.

Sawise ditandangi bebarengan, olaholahe rampung. Gandane lele panggang lan sambel kemangi muleg sak pawon, ngundang selera mangan. Nanging Bu Kamid dadi kaget nalika arep menyet iwake. " hho, Pak... Apa lelene mau ora dibetheti, kok wetenge isih wutu h?"

"Ora, Bu... Sing mlenthus neng wetenge iku endhoge. Eman yen nganti dibuwang, wangsulane sing lanang entheng.

Tanpa guneman maneh, Bu Kamid enggal menyet lele ing njero layah sambel. Saiba kagete, merga ana banyu kenthel mecothot saka wetenge lele, ambune badheg banget.

Pak Kamid kang uga nyumurupi kedadeyan mau enggal niti priksa. Ora suwe nyengir karo nutup irung.

"Semprul tenan, Bu! Iki dudu endhog lele, nanging... embuh endhoge sapa!" ujare Pak Kamid anyel karo mbanting cowek saisine menyang njaba! (Bambang Mawas Sumenang-Jember)


 

KASETYANE KEWAN

Pak Likku duwe ingon-ingon asu jenenge si Pleki. Asune gedhe tur lucu, uga gemati lan nurut banget marang prentahe bendarane.

Wis rong dina desane Pak Lik ketaman udan nggrejih kang ora ana lerene, ndadekake ibu-ibu padha bingung olehe arep ngliwet Ian masak jalaran ora bisa golek rencek (kayu bong) garing. Wektu kuwi udakara taun 1970, wong-wong masake isih nganggo kayu, durung ana kompor lenga apamaneh kompor gas.

Sore bubar Maghrib Bu Lik bingung merga segane entek. Kamangka anak-anake durung nyore (istilah desa kanggo nyebut "makan malam' ). Arep ngliwet ora ana turahan kayu obong satugel-tugela.

Bu Lik banjur rasan ing ngarepe Pak Lik, "Piye iki Pak, sida ora ngliwet tenan? La witikna golek kayu obong ya teles kabeh."

Wektu Bu Lik rasan ngono, si Pleki lagi ndhepa ora adoh saka papan kono. Pak Lik wangsulan, "Muga-muga sesuk_terang, aku tak mbedhol jaro (pager saka pring) neng mburi kana. Sore iki tuku kupat wae, ora usah digawe sedih.
Esuk umun-umun nalika Bu Lik saka jedhing kaget banget, jalaran neng sandhing pawon ana tumpukan kayu obong, tugelan pring tflaS bangunan omah, sing cacahe cukup akeh.
Kabeh banjur didangu Bu Lik, sapa sing nyeleh kayu obong ana kono, nanging ora ana sing rumangsa ndokok.
Sidane Bu Lik ora takon maneh sapa sing ndokok, sing, baku dina iku bisa ngliwet.

Rong dina sawise kedadeyan mau, bocahbocah remaja sing nembe Siskamling crita, meruhi si Pleki grimis-grimis tengah wengi mlayu bolak-balik karo nyokot pring saka omahe adhine Pak Lik. Lan'rupane pring kuwi diseleh neng pawone Bu Lik.

Saiki lagi padha ngerti, yen sing nyeleh kayu bong kuwi ora liya si Pleki. Mbokmenawa si Pleki keweden, yen Bu Lik sida ora ngliwet, dheweke mesthi melu kaliren. Mula si Pleki banjur tanggap marang pangangluhe bendarane, ora wedi sayah nekad njupuki kayu duweke sedulure Pak Lik.

Apa Tumon? Kewan bae ngerti balas budi, apa maneh yen manungsa sehat?(Oemiati-Purwokerto).


GARA-GARA RINSO

PictureKedadeyan iki dialami kancaku Soleh, nalika isih kost ing Mergangsan Jogjakarta, udakara taun 1990-an.

Sawijining awan, Soleh menyang warunge Pak Amat, sing kejaba mujudake warung makan cilik uga nyedhiyani kebutuhan padinan. Tekan warung, Soleh aba tuku Rinso plastikan cilik (sachet), sing dicantholake pating grandhul ing ndhuwur jangan, lawuh lan sega. Sebabe panggonane pancen rupak.

Merga Pak Amat lagi ibut ngladeni wong sing lagi pesen mangan, Soleh dikon njupuk dhewe. Nalika Soleh lagi nengahi nggunting rentengan bungkusan Rinso, dumadakan Yono, anake Pak Amat, kusung-kusung saka pawon, nggawa jangan sop sapand gedhe karo bengok-bengok, "Minggiiirrr! Aja ngadeg neng kono, arep tak nggo ndeleh sop. Selak panas!!"

Merga kesusu, Soleh anggone nggunting miring. Rinsone wutah, ngesoki sop umob sing mentas diseleh Yono ing meja ngisore. Sope langsung munthuk.

Weruh kedadeyan mau, Pak Amat muring-muring. "Tuku Rinso rong atus rupiyah wae marakake sopku sapanci ora payu didol!! Pokoke aku njaluk ganti rugi limalas ewu!" ujare Pak Amat sengol.

Gandheng selak isin digeguyu wong sawarung, Soleh gageyan mbayar ganti rugi sing dijaluk Pak Amat, terus ngunclug mulih.

"Iho, Mas.. Iki sop-e ora digawa?" isih keprungu swarane wong mbengok saka njero warung, mbebeda.

"Uyupen dhewe! Soleh genti mbengok tanpa nganggo noleh. Batine misuh-misuh.

Apa tumon? Karepe tuku Rinso seplastik cilik, malah kepeksa mbayar sop sapancf gedhe! (A Adi-Sragen).


NESUNE DIKORTING

Nalika semana kelasku lagi diwulang pelajaran PPKN. Pak guru PPKN yen lagi nerangake pelajaran ngendikane lirih banget, tur disambi nulis neng papan tulis. Swasana mangkono iku njalari kanca-kanca padha ngantuk, klebu aku.

Kanggo ngilangi ngantuk, iseng-iseng aku nguntel-untel kertas, banjur daksawatake kancaku. Kancaku mbales sawatanku, wusanane dadi balang-balangan. Cilakane, pas aku mbales nyawat, Pak Guru pirsa banjur nyedhaki aku. Aku banjur didukani ana yen seprapat jam. Mesthi wae kanca-kancaku sing padha ngantuk gragapan tangi kabeh, penasaran ana apa?

Oleh seprapat jam, Pak Guru ngendika, "Satemene aku arep nesu setengah jam. Nanging merga kowe wis njalari kanca-kancamu padha tangi, nesuku takkorting 50%"

Pak Guru banjur mbacutake nerangake pelajaran. Kanca-kanca pancen wis ora ngantuk maneh!

Apa tumon? Nesu kok dikorting gara-gara aku bisa dadi tamba ngantuk! (Muslimah T-Cirebon)

 

 

Picture


Index
1