Index

Picture

TANGGAL 25 Januari 2001 jam 9 esuk aku kedhayohan-kancaku sing
kuliah ana STSI SOIo. Kancaku maujenenge Widhiyanto. Dheweke
pasanganku yen ngepasi mbeksa pasangan upamane beksan Palguna
Palgunadi, Bambangan-Cakil, Sancaya Kusumawicira utawa
HarjunasaSrabau-Sumantri Tandhing.

 

Hosted by www.Geocities.ws

PictureWEKTU kuwi praupane pucet banget kaya wong masuk angin. Tujune aku isih ana ngomah durung bablas dolan. Daktakoni jare saka Ampel-Boyolali, omahe kangmase. Daktawani kerokan ora gelem, mung nembung njaluk digawekake wedang jahe panas.

Wektu aku nggaweke wedang jahe, kancaku mau njaluk salembar kertas kosong Ian pulpen, jarene arep kanggo nulis Iayang. Ora suwe anggonku gawe wedang jahe nuli dakladeke. Nalika kuwi Widhiyanto wis rampung anggone nulis layang. Cahyane kancaku mau saya pucet Ian dumadakan mutah-mutah. Dheweke banjur dakgawa mlebu kamar. Awake dakbloyohi.nganggo balsem Ian banjur dak.kon ngaso.

Widhiyanto banjur dak tinggal adus, bubar adus aku nggodhog Supermi. Karepku nggawekake Widhiyanto supaya gelem mangan. Nanging jebul ora gelem, jarene tutuke krasa pait. Malah dheweke kandha suktanggal 2 Pebruari 2001 dheweke ora sida-melu tanggapan menyang Klaten. Aku dikon golek gantine dheweke yaiku mas Wisnu sing kapernah kakak kelasku. Mas Wisnu supaya gelem ngganti peran Cakil. Dheweke banjur crita kanthi blaka yen nalika kuliah mbiyen tau nyolong dhuwit Rp 120•ewu, kamera_sarta ubarampe tari kaya gendhewa, panah, keris Isp. Widhiyanto njaluk pangapura marang aku, amarga dheweke wis wani "ri enodai" kapercayaanku Ian pangrengkuhku minangka kanca. Apamaneh ing kluwargane aku ya direngkuh dudu kaya wong liya. Bapak ibune Widhiyanto-mau ngrengkuh aku kaya anakke dhewe. Jalaran bapak-ibune Widhiyanto mbiyene dadi muride swargi ibuku sing ngasta dadi guru SLTP Banyudono, dene SMA-ne ana SMA I Solo Ndilalah
swargi bapakku ya ngasta-guru ana SMA mau.

Krungu "pengakuandosa"-ne Widhiyanto tutukku blankemen. Nanging aku ya bombong karo`dheweke - merga duwe watak satriya gelem ngakoni lupute. Dheweke wis dakapura lupute lan aku ya kandha aja dibaleni maneh. Saupama kepepet butuh nembung nyilih dhuwit mesthi disilihi. Widhiyanto nangis lan ngambungi tanganku.

Jam 12 awan Widhiyanto njaluk diterke;;mutih menyang omahe (Solo) jalaran awake panas banget nganti awake gemeter. Kanthi megeng napas dheweke dak boncengake sepedha motor. Dak tari arep mangan pa piye, dheweke gelem banjur menggok warung lan mangan sega soto. Kuwi-bae ya oradipangan, dheweke mung ngombe es teh thok. Lha kok awake banjur Jemes   wah blaik tenan! Ndilalah anake sing nduwe warung kandha supaya diplayokake menyang Rumah Sakit utawa Puskesmas. Nanging Widhiyanto ora gelem, kepara njaluk mulih. Pepuntone rembug Widhiyanto dak terke mulih, lan anake sing nduwe warung dak jaluki tulung supaya ya ngeterake. Widhiyanto dakapit ana tengah (sing ana ngarep anake sing nduwe warung).

Playune sepedha motorku digelak kaya dioyak dhemit. Ana lampu bang-jo ya wis ora direwes (tujune,ora dioyak pak Pufisi). Sing penting-enggal tekan omahe Widhiyanto. Tekan plataran omah aku mbengoki ibune sing wektu kuwi-lagi leyeh-leyeh ana teras. Ibune banjur semparet mlayoni Widhiyanto sing isih dak apit ana nduwur sedhel sepedha motor.

Swasana dadi umyeg. Omahe Widhiyanto "banjir uwong" dadakan. Ing kono aku ya banjur crita.punva
madya Ian wusanane. Ibune Widhiyanto nangis 'mingseg mingseg. Dokter Wiyati diaturi supaya mriksa Widhiyanto. Nanging dr. Wiyati ora nemokake penyakite Widhiyanto dadi ya ora diparingi obat.

Jam 3 sore Widhiyanto bisa ngomong maneh kanthi suwara lirih kae, dheweke njaluk banyu degan klapa ijo. Ndilalah ngarep omah kok ya pas ana klapa Hibrida. Widhiyanto njaluk sirahe'dak pangku Ian njaluk sing ngombekake banyu klapa ijo mau aku. Kanthi nggunakake sedhotan Widhiyanto ngombe banyu degan klapa ijo nganti sa-gelas. Bubar ngombe banyu degan Widhiyanto ngundang bapak Ian ibune. Bareng wong tuwane nyedhak, Widhiyanto kandha yen njaluk pangapura Ian blaka menawa sing njupuk sepedha motore bapake ya dheweke. Cethane kluwargane Widhiyanto tau kemalingan sepedha motor Ian sing njupuk ya Widhiyanto dhewe Ian ya wis didol payu Rp 5 yuta. Dene dhuwite mau kanggo patungan karo kancane ngedegake wartel ana PafurKaranganyar. Wong tuwane Widhiyanto ya blangkemen. Dheweke uga walaka yen kerep njupuk barang-barangku Ian ya dhuwit. Mula wektu kuwi aku supaya gelem nampa amplop kang wis diisi dhuwit Rp 1 yuta Ian anggone menehake disekseni keluwargane. Tanganku nggregeli nampa amplop mau. Ora rinasa Iuhku tumetes. Sirahe Widhiyanto dak elus-elus, lan aku kandha ora ngarep-arep dhuwit sayuta, waton dheweke mari ian bisa bareng njoged maneh. Widhiyanto nangis karo nggegem tanganku. Atiku ya banjur geter Ian tangisku kutah. Semono uga bapak-ibune Widhiyanto.

Jam 3.30 menit (sore), Widhiyanto kejang. Swasana dadi umyeg maneh. Ibune nangis njempling. Wektu kuwi Widhiyanto "lelaku", lire arep sowan Gusti Allah. Pas jam 4 sore Widhiyanto sowan Gusti Allah tenan. Balungku kaya dilolosi, panonku semrepet, nanging aku isih bisa tatag. Kanthi megeng napas jarik sing kanggo lurup dak bukak, bathuke banjur dak aras. Sanalika-Iuhku mili saka mripaUAku ndonga sa-bisa-bisaku supaya Gusti Allah kersa paring pangapura dosa lupute Widhiyanto Ian kajembarna kubure, kalis saka siksa Ian nemua bagya mulya ing sisih-E.

Kanca raketku wiwit semester I kuliah ana STSI Solo, njupuk jurusan D3/tari wis ndhisiki. Lan kanca-kancaku kabeh kaget yen Widhiyanto tilar donya. Jebule kanca-kanca rakete padha ditinggali kenang-kenangan. Siska diwenehi make up lengkap,

Yuyun diwenehi sampur sing kerep kanggo mbeksa, aku (barange dititipake Siska) diwenehi gendhewa 1, panah 5 iji make-up prodhuk Sari Ayu lengkap, keris, cundrik (kabeh sasate perlengkapan tari). Malah kostum paraga Cakil diwenehake kancaku sing jenenge Susetya. Lan saben kanca sing diwenehi kenang-kenangan uga didlesepi amplop. Amplop mau ora isi dhuwit nanging isi tulisan sing unine "Aku njaluk pangapura, Ian aku kepingin mabur dhuwur" Wong ya seneng gojeg, dadi kanca-kancane oa nduwe pikiran neka-neka. Lha kok layang sing diamplopi mau surasane bareng dionceki jebul pamitan "mabur" tenan. Malah tembunge karo aku mbiyen (tanggal 7 Januari 2001) saupama adhine dijodhokake aku piye? Lha wektu kuwi ya dak guyoni yen aku wis duwe calon. Krungu kandhaku dheweke praupane katon rada gela. Lan tembunge maneh, "Suk yen aku mati Widhiyanti ora ana sing ngayomi". Dak pikir wektu kuwi ya mung sebranan, nanging kok ya numusi. Widhiyanto tilar donya tenan. Pikiranku dadi semrawut yen kelingan omongane Widhiyanto, apa tembunge mbiyen kuwi kaya dene piweling utawa kaya dene wasiat. Nanging aku yen arep matur wong tuwane Widhiyanto atiku rangu-rangu Ian maneh aku durung siap yen omah-omah.

Jam 1 awan layone Widhiyanto dikubur ing kuburan kluwarga (pamijen) lan tumpakake mobil jenazah. Aku sa-kanca-kancaku ngetutake ana mburi boncengan sepedha motor (adohe kira-kira 3 km). Bareng wis rampung, aku sakanca bali menyang omahe Widhiyanto. Kanca-kancaku ngaturake bela sungkawa karo bapak-ibune Widhiyanto, Ian ya matur arep dherek tahlilan suwene 7 ndina. Kabeh tumungkul sedhih apamaneh atiku iki keranta-ranta. Gawang-gawang ana tlapukan mripat Ian kelingan yen ngepasi mbeksa bambangan-cakil, aku mancik ana gegere, sikilku mancad pupu Ian dheweke njoged. (peran satriya aku, Widhiyanto cakile).

Lan Widhiyanto teka menyang omahku wektu kuwi sing pungkasan kanggo pamitan. Lan ya mbuh jane lara apa nganti saiki aku durung mudheng. Mung tekan umur 29 taun Widhiyanto ngerti padhange ndonya. Aku ing kene ya njaluk pangapura, sebab aku ora bisa nuruti panjalukmu supaya adhimu minangka sisihanku. Muga-muga adhimu Widhiyanti enggal entuk jodho sing ngluwihi samubarange saka aku.

Sepisan maneh apuranen aku, mitraku aku ora bisa nuruti wasiat utawa piwelingmu (Sta. Adi Narwanto)*

 
Picture

Index
1