KETIBAN BARANG ANEH
Kedadeyan iki wis rada sauntara, yaiku nalika aku isih tugas ing Kupang. Para sutresna PS mesthi wis pirsa, Kupang iku klebu wilayah Nusa Tenggara Timur kang hawane panas, mangsa ketiga karo mangsa rendheng suwe ketigane. Udane setaun malah sok mung telung sasi yaiku Desember, Januari, Pebruari. Dadi magsa panase suwe banget. Dene pucake panas yaiku ing sasi September-Oktober. Mula bisa dingerteni yen para pendatang baru kang durung adaptasi padha sambat ora betah, rumangsa kepanasen.
Dene kang arep dakaturake iki perkara banyu udan. Critane mangkene:
Kancaku warga asli kono wektu kuwi duwe anak ing mangsa udan sasi Januari. Kaya lumrahe wong ngrumat bayi, anake sing dijenengi Kamaleng olehe ngedusi wiwit lair nganti kurang luwih umur setaun ana ember. Ing desa Tuapukan, 15 km saka Kupang, ya desane kancaku mau klebu laladan kang ora ana sumber banyune. Dadi mung njagakake saka banyu PDAM sing ora saben dina mili.
Sawijining wektu, ana udan deres. Kamaleng kang lagi turu gragapan tangi, kaget krungu swara udan. Tumrap Kamaleng, banyu udan kang lagi dingerteni sepisan iku ndadekake gumune ora uwis-uwis. Maklum wiwit lair cenger nganti wis bisa mlayu-mlayu sing dingerteni mung banyu sing ana ember. Mula banyu kang mili saka payon Ian gumrojog ana latare tumrap dheweke nggumunake Ian aneh. Dheweke jingklak-jingklak, surak-surak, karo bengok-bengok.
"Air... air! Air banyak, air banyak! Papa, mama, lihat ini... air banyak! Air banyak!"
Krungu anake bengok-bengok, kancaku karo bojone mlayu marani anake. Jebul anake lagi ndomblong ana latar sajak wedi-wedi gumum. Suwe-suwe wong loro pandengpandengan banjur ngguyu ngakak karo ngelus dhadha.
Maklum nalika udan kepungkur Kamaleng isih durung ngerti udan iku apa Ian ya lagi sepisan thil iku dheweke weruh udan.
Apa tumon, banyu udan kok rumangsane barang aneh tiba saka ndhuwur! (SH Widjojo-Puri Klaten)
GARA-GARA TAS ABANG
Kedadeyan iki dakalami dhewe, nalika aku isih sekolah SLTP. Wektu kuwi aku bali sekolah nyangking tas abang, tas kang paling daksenengi. Lakuku ngliwati bulak sawah kang sepi karo lunjak-lunjak, maklum saking senenge merga bubare sekolah rada esuk, gurune rapat.
Ing cedhak dalan ana kebo dingon cacah telu, embok-embokan loro lan anakan siji. Tanpa ngerti sangkan parane bilahi, ujugujug kebo sing gedhe ngoyak aku. Aku mlayu salang tunjang nasak-nasak turut galengan sawah. E, Iha kok kebo mau tetep nguber aku.
Mesthi bae aku bingung Ian panik. Tanpa daksengaja tas abangku kontal banjur ceblok. Aku terus mlayu, ora wani njupuk tas. Apamaneh kok njupuk, wong noleh nyang mburi bae ora wani. Anehe bareng aku ora nggawa tas abang mau, kebone kok ora ngoyak aku maneh?? Suwe-suwe aku sadhar yen mau anggone ngoyak aku merga kepranan tas abangku.
Wiwit kedadeyan sing meh njalari copot jantungku kuwi, yen ngepasi liwat dalan sing tanggul ing pinggire kanggo angon kebo, aku trima ngumpetake tas abangku ing njeron klambi kareben ora dilirik apa dioyak kebo kurang ajar iku maneh! (Pakne Frasa - Wonosobo).
"CITHAKANE" ENDHOG
Ing sasi Agustus kepungkur mantuku ngalami kedadeyan lucu. Wektu iku dheweke ngeterake kancane golek endhog pitik kampung menyang pasar arep kanggo jamu. Sawise muter-muter sauntara, ketemu bakul endhog wong wedok STW (setengah tuwa).
Karo ngiling-ilingi endhoge, kancane mantuku takon, "Tigane pintenan, Bu?"
Diwangsuli, "Pitung atus seket."
"Nem atus mawon nggih, Bu, Iha tigane alit-alit ngaten."
Wangsulane bakule karo sengol, "Lha enggih, Mas, (nuwun sewu) silite pitik niku sepinten ambane kok sampeyan nedhi sing gedhe niku Iho!"
Sanafika kancane mantuku mlenggong banjur mbayar Rp 3.000 oleh papat, tanpa ngomong apa-apa maneh langsung wae ngglandhang mantuku ninggalake bakul endhog.
Sadalan-dalan wong loro rumangsa gela Ian geli, ora ngira yen tembunge sing satemene kanggo abang-abang lambe mau bakal oleh wangsulan sing kaya mangkono. Kok ndadak nganggo nyandhak "cithakane endhog barang. Apa tumon? (Mbah Raka - Rembang)
PROFESOR DIKONGKON SEKOLAH
Kedadeyan iki wis rada suwe, watara rong taun kepungkur. Sawijining wektu aku nampa tilpun saka bulik S sing daleme ana Malang, dhawuh yen arep tindak Surabaya, nyare neng omahku. Rawuhe bulik ngajak kanca loro arep ngestreni konferensi Women International Club (WIC) ing Hotel Mirama Surabaya. Ndelalah merga lagi ana tugas penting, aku ora kober takon, priyayi putri loro mau asmane sapa lan jabatane apa. Mula bareng aku nyambangi bulik ing Malang aku merlokake takon.
"Lha iya iku nak, ibu sing siji kae asmane RK (asma singlon), gelare profesor, ngasta dosen ing salah sawijine Perguruan Tinggi Negeri ing Malang," ngendikane bulik karo crita pengalaman ngguyokake kang dialami bu RK.
Rikala iku bu RK arep tindak menyang kampus. Gandheng mobil pribadine lagi kanggo keperluwan liya, mula kepeksa.numpak angkutan kota (angkot). Merga ora kulina, sing mesthine numpak jurusan Dinoyo (arah Ngulon) malah numpak jurusan Gadang (arah Ngidul). Lagi mlaku sedhela, sadhar yen kliru, mula banjur alok marang sopire, "Pak, klentu! Kula ajeng teng Dinoyo, mandhap ngriki mawon!"
Angkot mandheg. Supire grenengan banjur muni, "Oalah, Yu.. Yu.. Mulakna tah sekolaha, ben isa maca!" Mesthi bae bu RK karo ngempet isin mudhun.
Apa tumon, wis profesor kok dikongkon sekolah maneh dening sopir angkot supaya bisa maca! (Soeparno Wirjosoebraoto- Surabaya).