Index

Picture

Picture

Hosted by www.Geocities.ws

 

ING tlatah Yogyakarta Kidul, ana kedhung jero sing aran Kedhung Prawan. Mula diarani Kedhung Prawan marga biyene nate kanggo nglalu prawan kang pedhot katresnan marga calon sisihane dipidana pati dening panguwasa ing kono. Kedhung iku kondhang angkere. Nanging tumrap wong seneng mancing ora njalari wedi mancing ing kono. Umume wong sing seneng mancing wis ora wedi dhemit setan gendruwo thethekan. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan. Mangkono bebasane. Paling yen ana papan kono diwedeni njur pindhah papan Iiyane.

Bali ngrembug Kedhung Prawan, senajan klebu wingit nanging ya asring dipancingi wong akeh. Marga sing mancing rentep kaya wong nonton wayang ya mesthi bae memedine genti wedi. Nanging anehe ya sok ana sing diweruhi werna-werna. Lan ora kabeh nyipati. Nate penulis diweruhi kaya ana sapi ngombe liyane ora weruh apaapa. Kene mancing oleh akeh, liyane adhem ayem tanpa disenggol iwak pancinge.

Nalika iku Pak Kriya Dipo (jeneng sinandi) lagi mancing ing kedhung Prawan. Nuju nedheng-nedhenge pakan disenggol iwak, ndadak keprungu swara bengok-bengok,
"Paaakkkk, aku njaluk punuke wong kae, geeeliiiss Paaak" :

"Huuuss aja seru-seru, mengko yen wis ngantuk dakcemole!" mangkono wangsulane swara agor, mbokmenawa swarane bapake.

"Matiiiik awakku!" batine Pak Kriyadipo sing pancen gegere bucu (wus, punuken). Ah swara tenan apa mung rungon-rungonen binarung swarane banyu gumrojog. Nanging swara saya cetha. Dheweke wis nggraita yen sing omongan iku bangsa alus, mbokmenawa gendruwo.

"Gelis Paaakkkk, aku selak kepengin punuke wong kae, ginderginder, gelis, yen ora gelem takrebute dhewe ya Paakkk!"

"Bocah ki yen ora dunung njejaluk kok mung sakepanake dhewe. Wong punuk kok dijaluk, teges aku kon mateni uwong. Ora, ora! nadyan aku seje golongan ning rak padha titahing kang akarya Gesang, aku gendruwo, kae manungsa butuh urip!".

"Priye Pak, saguh ora?" pitakone si anak gendruwo.

Ya, ya marga pamothahe anak, wong tuwane dadi kegugah. Bebasan anak polah bapa kepradhah. Mula Gendruwo Gedhe njur nyedhaki Kriyadipo karo ethok-ethok ngejak udut-udutan. Nanging udute lintingan dicampuri wiji kecubung. Mula karepe ben Kriyodipo mendem, mengko njur disilih punuke. Mung nyilih.

Kriyadipo banjur nata prangkat pancinge, karepe arep ndang bali merga ngerti dheweke diincer gendruwo. Lagi ibut nggulung senar, ndadak mak bedhengus, ana wong lanang teka. Gedhe dhuwur gagah, nanging tekane dibarengi ganda muleg kaya gandane wuduk tela.

"Hem, heeem, waah lagi mancing ya kang, oleh ora Kang?" cluluke wong lanang mau.

"Iki, oleh telu arep kok pek pa?"

"Ora, wong olehe mancing angelangel kok dipek. Aku rak mung arep ngancani kowe ben ora ngantuk. Ya udut-udutan nggo nggusah lemut karo nyegah lekben ora kloap-klaup ngantuk.

Angin sumilir nggremeti geger, Kriyodipo krasa mrinding awake, ning njur ilang marga ana kanca sing teka ngancani. Anehe bubar udut Kriyodipo rada mak cleng rada mumet, njur kliyeng-kliyeng. Ngerti yen Kriyodipo wis ketaman kecubung, tanpa mbuwang kalodhangan kang becik, nuli Gendruwone nembung mangkene, "Kang, Kang, waleh-waleh apa ya Kang, anggonku mrene iki aku merga ditangisi anakku. Kepengin dolanan puhukmu, mula punukmu dakjilihe yen bocahku wis jeleh sesuk dakbalekke .

Huuuusss, kurang ajar ya kowe, mongsok punuk dalan nyawa arep disilih. Emoh, yen kowe bisa nyempal bau kiwa tengenku aku ya oleh. Ayo ngejak pirang dina?"

Wong sing dhek nyedhak mung sauwong gedhene, lha kok saiki malih dadi gedhe dhuwur. Kriyodipo dicandhak dibopong dibanting ing punthukan wedhi, klumah, nuli punuke dicemol Broolll... sanalika krasa, breeeettt! Jebul ora metu getihe ning malah tatune alus kaya mentas dioperasi. Kriyodipo dheleg-dheleg lungguh ing pasiran karo ngelus-elus gegere. Krungu swara jago kluruk, wis parak esuk.

"Wah awakku dadi sehat, mesthine luwih bagus, jer punukku ilang. Dakmulih bae, mesthi bojoku seneng weruh aku dadi bagus" grenenge Kriyodipo karo ngunclug mulih. Kriyodipo ngungak lawang pawon, sing wadon weruh wong ungak-ungak lawang nuli njerit, "Maling-maling!"

Mbokne Sariyem ngerti ana wong alok maling banjur tangi mlebu pawon. Ora pangling sing ungak-ungak kok mantune. Nuli aloke, "Kowe Le, saka ngendi kok sewengi ora mulih?"

"Mancing Mbok, kalih tetamba, niki Io kula pun boten punuken kaya riyin. Bagus nggih Mbok, pundi Sariyem Mbok?"

Nuli bojone diundang. Bareng dijelasake punuke Kriyodipo ilang, sanalika dipethuki Ian diambungi. Lanang wadon tetangisan, muji syukur keagungane Gusti Kang Akarya Jagad. Lha iya, punuk semono gedhene kok ilang tanpa tilas, apa ora ajaib?!.

Liya dina Kriyodipo wis ibut nindakake pakaryane lawas ider grabah maneh. Manggroke neng pasar Suryaden. Wah dina iku larise ngudubilahi. Nganti sing tuku kaya semut bebasane. Ngarepane, mburine, kebak wong tuku.

Cedhak kono ana wong lanang, uga persis rupane karo Kriyodipo, isih mikul grabah arep diudhunake, melu-melu dhasar ing kono. Anehe nyangnyangane ora tau kedaden. Mula sing lagi teka iku gumun,

"Barange padha, kok duwekku ora payu, kono laris?" .

Bareng Kriyodipo rada sela njur wong mau mung mandeng kedhep tesmak mripate. Alias mentheleng. Nuli Kriyodipo takon, "Kok kowe menthelengi aku ana apa he?" pitakone Kriyo.

"A, a...aaa, nuuu, kula niki ga,gadhah sedherek kados sampe yan,ning nggih sami kula niki, bucu gegere, onten punuke. Dodol grabah nggih kados ndika. Ning griyane kidul".

"Iya bener aku iki adhimu si Kriyodipo. Kene grabahmu dakdolake ben cepet payu. Mengko gek mulih dakkandhani carane e tetamba ngilangi punuk" .

"Tenan pa kowe adhiku, coba daktilikane cirine wudelmu ireng ora?".

Nuli kolore dikendhokke Ian nyata cirine adhien ana tohe nggon wudhel ireng tenan. "Wah tenan kowe adhiku!"

Sabanjure grabahe Kakange didhep dening Kriyodipo, la kok wong-wong kemrubut padha teka mborong cowek, anglo, keren, kwali ganti-ganti. Kabeh laris entek.

"Kang kowe ora susah mulih nyang Sedayu, becike terus tetamba karo aku. Ning wancine kudu bengi. Kowe mengko nginep omahku. Mesthi beres awakmu waras ora gendheyatgendheyot.

"Priye ya mengko yen mbakyumu nesu sida bilahi, ora diliwetke sesuke. Ning ya biasa ta, sok-sok ya grabah ora payu ya nganti ora mulih telung dina. Ya mesthi maklum nyaiku.

Nuli kekarone bali mulih nyang Kasongan. Kriyodipo Ian Dipokaryo mangkat mulih. Kulina mung mlaku kira-kira rong jam lakune. Tekan ngomah Sariyem weruh yen bojone ngejak kakange. Nuli bage binage keslametan. Njur padha mangan barengan katon yen sumadulur banget. Nuli leren teturon ngenteni tekan wanci surup. Ngarepake surup Kriyodipo wis cepak-cepak pancing karo cacing kanggo pakan (umpan).

Kocap cinarita wong kang dikon mancing ing kono Dipokaryo. Kira-kira bakda Ngisak wis disapa wong. "Lho sing mancing kok ganti?"

Durung rampung olehe omong, Dipokarya wis umuk. "Punuke apik duwekku!"

"Kowe kapernah apa karo wong sing mancing wingi?"

"Aku kakange, ikilho punukku peken sisan, luwih apik!"

"Ya mengko gampang, sejatine aku kepengin ketemu karo sedulurmu.

Gandheng aku ora bisa ketemu maneh, titip kowe rak bisa ta. Wingi aku nyilih punuke adhimu dianggo dolanan anakku. Saiki wis jeleh kon mbalekke.Gandheng kowe kakange kowe mesthi mengko ketemu. Mula aku titip, iki punuke Kakangmu!" kandha ngono mau pawongan sing ora liya si Gendruwo ngetokake layah isi daging abang ireng gudras getih kang njijiki banget. Mula Dipokaryo niyate arep nglungani. Nanging ngerti-ngerti krungu swara nyandhet lakune. "Ya wis, ora gelem dititipi ya mangsa borong kowe anggonmu arep nggawa ya, tampanana!"

Ora nduga mung kaya ana barang tiba ing gegere Dipokaryo, Bleg!!

Geger didemok-demok, tetep alus, ning kok bucune wuwuh dadi luwih gedhe. Tikel Ioro gedhene kepara luwih. Nuli nyebut, "Puluh-puluh bejane awakku. Laris olehe dodol ning aku nyangga titipane punuke adhiku. Dhi, dhi aku bali, delengen iki!"

"Priye Kang, diiris bae pa yen kabotan?" usule Karyodipo.

"Ora Dhi, iki lelakone padha, mung begjane ora padha" wangsulane Dipokaryo nglenggana. ∎

 
Picture

Index
1