DHEK biyene antarane: Kecamatan Metro Selatan lan Kecamatan Metro Kibang kuwi dadi siji, karan Kecamatan Metro Raya. Daerah toro mau kapisahake dening kali gedhe Sekampung(yen' ing Jawa Timurdiarani'bengawan) Kali. Sekampung kuwi yen musim udan lari banjir banyune, ulak-ulak kaya segara. Dhek jaman semana alat transportasi siji-sijine ora liya ya mung gethek. Kacarita ing saksuwene penyeberangan mau wis akeh kurban ilang utawa mati merge getheke kwalik utawa numplek.
Kurang luwih taun 1967 daera penyeberangan mau karo pemerintah Daerah Kabupaten Lampung Tengah diyasakake "Kretek Gantang". Senajan mung kretek gantung ning bisa diliwati kendaraan rodha papat jenis jip utawa L 300. Nalika yasa kretek gantung iki miturut wong sakiwa tengene kono ya akeh korbane. Iki;bisa dingerteni merga panggawene kretek mau sakndhuwure banyu kang ngilak-ilak tur' mbebayani banget. Dene dawane kretek luwih saka 100 meter, lan migunakake alat-alat berat. Mula'ora eram'merga saka korban-korban ing ndhuwur, nganti'sa'iki daerah sakiwa tengene kretek mau isih klebu angker. Mbokmenawa akeh kurban kecelakaan kang rohe isih nglambrang.
Ketua Forum Komunikasi Lansia Kota Metro. Salah sijine warga,,Kelurahan Sumbersari sing asmane Pak Yahman yuswane kurang luwih wis-80 taun, dene sisihane asmane Mbok Mitun. Pak Yahman Ian sisihane ora klebu sing melu ombyaking senam, merga sering Iara-laranen. Saben dinane mung Iumah lumah ing sakdhuwure amben karo ngrasakake larane.
Dhek dina Jumat Kliwon tanggal 9 Mei 2003 kurang Iuwih jam 5 sore keluargane Pak Yahman digawe kaget merga Pak Yahman ilang saka patunggone. Tangga teparone ditakoni ora ana sing ngerti. Digoleki mrana-mrene uga ora ketemu. Krungu bab ilange Pak Yahman iki tangga teparone gumregut melu nggoleki. Nganti bengi kepeksa durung ketemu. Wong-wong ana sing nggawa oncor, obor, baterai malah uga ana sing nggawa lampu-petromak. Kabeh panggonan sing dianggep ana sisik melike karo ilange Pak Yahman klebu sakdawane Kali Sekampung diubyek kepeksa ora ketemu. Nganti esuk banjur diterusake nganti awane maneh kepeksa ora ketemu. Wong-wong nganti judhek kentekan akal. Kamangka wong-wong pinter ing Kelurahan kono iya uwis disraya. Nanging ora nemokake asil.
Watara jam 3 sore, dadi kira-kira patlikur jam saka ilange Pak Yahman, sawenehe warga desa kono ana sing ngerti Pak Yahman lagi lungguh dhelog-dhelog ing gedhong bubrah tilas Balai Penyuluhan Pertanian sing wis ora dienggoni maneh. Kahanane ngrumpruk tanpa daya. Kahanan mau banjur dilaporake menyang Pamong Kelurahan Ian keluargane. Sakteruse banjur diupakara Ian digawa mulih.
***
Bareng kuwarasane Pak Yahman wis rada pulih Ian wis bisa crita mula bukane kedadeyan ing ndhuwur, wong-wong lagi ngerti ngenani kedadeyan sing sakbenere.
Saka rumangsane nalika dheweke lagi klekaran ing amben ana sakwenehi pemuda kang pawakane dhempal Ian ngaku jenenge Ngabdul, nekani dheweke. Jarene dikongkon Bapake supaya Pak Yahman rawuh ing daleme. Dene keperluwane ora diaturake,
ning kudu saiki uga bareng karo dheweke. Embuh kedaya saka apa senajan awake isih krasa Iara, Iha kok semrinthil nuruti pakone Ngabdul. Saka rumangsane nalika arep ninggalake omah ya pamit karo bojone barang. Nanging bojone ora ngerti Ian ora rumangsa yen dipamiti. Omahe keluwargane Ngabdul iku gedhong magrong-magrong apik banget. Keluargane akeh banget, malah prawane uga ayu-ayu. Bapake Ngabdul lagi lungguh jigang ngedangkrang ing kursi goyang, kang sajak ora maelu ngenani tekane Pak Yahman. Tanpa noleh menyang Pak Yahman dheweke ngomong: "Jarene kowe lagi lara Man. Mulane dadi wong kuwi sing sregep srawung. Kanca-kancane padha opyak senam kowe mung enak-enak klekaran ana omah. Ngerti ora yen olah raga mono penting tumprape kesehatan. Mulai dina iki Ngabdul tak tugasi nglatih senam kowe, ben awakmu ora tetep bungkruh kaya kuwi."
Gandheng selawase ora tau olah raga apamaneh senam, sing kadhang kadhang gerakane rumit, dadi ya kaku Ian sering salah. Ning anehe awake kok ya banjur krasa entheng. Angger sering salah dheweke digetak-getak, digoblok-goblokake barang. "Dasar tuwa tuwas mbrabas kakeyan ampas, diwarahi angele kok ora jamak."
Bareng dirasa wis kesel dheweke banjur dikongkon ngombe. Anehe banyune rupane abang Ian ngganda arus. Lagi cedhak wae wis mungkuk-mungkuk kudu mutah. Kepeksa dheweke mberot ora gelem ngombe.
"Lha apa kandhaku kowe wis mulai nggawe aturan dhewe Ian ora nurut karo perintahku, suwe-suwe mengko aku bisa jengkel. Ayo diombe" Digetak kaya ngon Pak Yahman mung mlorok wae. Ora dibantah ning uga ora dilakoni. Sidane dheweke diukum dikongkon ngundhuhi klapa ing tegalan kono. Senajan awake lemes Ian loyo, kaya-kaya oa ana pilihan liya kejaba nuruti karepe bocah edan kuwi. Nanging anehe senajan mung awake wis krasa ora duwe daya, bareng nyedhaki wit klapa kok kaya ana kekuwatan anyar maneh, awake krasa entheng. Mbaka sakuwit klapa-klapa mau klakon diundhuhi. Dheweke banjur dikongkon leren, terus disuguhi mangan. Pangan sing disuguhake sarwa iwak kali tur isih mentah. Segane iya sega beras, ning kok bisa obah-obah kaya set. Durung nganti mangan dheweke wis mungkuk-mungkuk kudu mutah. Dadi ya mung disawang wae ora dipangan. Ngerti yen Pak Yahman ora gelem mangan Ngabdul nesu-nesu. Pisan iki nesune ora mung omong, nanging karo nyabeti dheweke_karo silatan pring. Pak Yahman banjur diukum maneh dikongkon nebangi pring. Sepisan maneh anggerangger dikongkon kerja kok kaya bali otot bayune. Miturut nalar kudune dheweke wis ora kuwat, wong sakliyane lagi lara awit wingi dheweke durung klebon apa-apa. Ayahan mau banjur dikerjani nganti rampung. Bubar nebang pring dheweke dikongkon mangan maneh. Nanging panganane iya panggah kaya sing mau. Mula mung dijarake wae. Meruhi tumindake Pak Yahman mau sajake Ngabdul wis entek kesabarane. Pak Yahman didugangi, malah wong-wong liyane melu ngroyok karo bengok-bengok. "Kon minggat wae, kon minggat wae". Bareng karo enteke rembuge wong-wong kuwi rumangsane donya dadi peteng Ian mubeng. Ngerti-ngerti wis ditulung tangga teparone ing gedhong bubrah bekas Balai Penyuluhan Pertanian sing uwis ora kanggo, kaya kasebut ing ndhuwur.
Miturut critane Pak Yahman, wektu tangga-tanggane pada nggoleki dhek mau bengi, dheweke iya ngerti Ian bengokbengok njaluk tulung. Malah ana sing dibalangi lungka barang, karepe supaya wong-wong ngerti yen dheweke ana kono. Nanging kabeh mau muspra ora ana tanggane sing ngerti.
Bareng saiki wis bali ana omah maneh, kahanane Pak Yahman malah saya memelasi. Sakliyane dadi kembang amben kahanane kaya wong bingung. Nalika penulis teka ing omah kanthi dikancani sesepuh desa kono, Bapak Marto Sugimin, sing nemoni mung Mbok Yahman karo putrane lanang mbarep sing jenenge Sukatno.
"Nyuwun pangapunten Bapak mboten saget dipun panggihi. Menawi wonten ingkang ngajak ngendikan, malah girap-girap kados tiyang keweden.
Miturut critane Pak Marto Sugimin kedadeyan kaya ing ndhuwur ora mung pisan iki wae. Mbiyen ya wis nate kedadeyan bab sing kaya ngono kuwi. Lokasine kedadeyan iya tetep ing sakiwa-tengene kretek gantung kuwi. Untung dene Pak Yahman isih bisa bali. Upama dheweke gelem disuguh mangan utawa ngombe mesthi wis bablas. Biyasane yen wis ngono kuwi sesuk utawa emben mesthi wis kemampul ing kali Sekampung.
***
Sing dadi gumune penulis, apa iya mahkluk alus kuwi melu-melu karo ombyake wong-wong sing pada ngayahi senam, sing saiki lagi ngetren ing Kota Metro. Mengko gek apa sakparipolahe wong-wong kuwi dingerteni dening dheweke. Yen pancen kaya mengkono ya mangga mawon angger aja ngganggu gawe. Sukur-sukur melu sabiyantu ruwet rentenge masyarakat. Mula kanca-kanca sing lagi ngayahi senam kudu diniati kanthi ati kang resik Ian niat kang becik. *