KADHUNG SEMAPUT
Riyaya Idul Adha taun kepungkur, ponakanku Ardi ngambek njaluk nonton wong nyembeleh sapi kurban. Bocah siji iki pancen mbeling, yen wis duwe karep ora kena dipenggak. Bapake wis menging, nanging ora dipaelu. Ngerti-ngerti bocahe wis ngilang menyang lapangan.
Tekan lapangan Pak Modin wis siap nyekel peso jagale. Bocah-bocah dikongkon mundur, nanging si Ardi malah ngangseg maju. Dikandhani mung njegigis wae, mulane ya banjur ditogake.
Sapi ditaleni lan temahan sida dipragat. Nanging pas peso ditamakake ndadak, cruuuut! getihe muncrat-muncrat. Merga Ardi ngadege ana cedhak kono, ora lidok awake sakojur kesiram getih seger. Bocahe kicat-kicat kamigilan banjur gidro-gidro nangis.
Ing saat ngono iku, ndadak saka pinggir lapangan sisih wetan keprungu swara duerr! Ana sepedha motor nabrak tugu jalaran ngendhani
bocah nyabrang. Wong-wong lan bocah-bocah sing sakawit nonton sapi dijagal mak sebrung mlayu kabeh nonton sing kecelakaan.
Warta kacilakan langsung sumebar. Wong sadesa kabeh krungu, klebu ibune Ardi. Kabare sing keprungu, ana bocah ketabrak sepedha motor neng lapangan. Mula ibune Ardi langsung dhag-dhig-dhug, mengko gek-gek sing ketabrak anake!?
Gaweyan pawon ditinggal mbujung anake menyang lapangan. Lagi wae mbukak lawang, lha kok Ardi katon gulung koming neng latar. Sing gawe kaget, awake sakojur kebak getih seger! Sakala, bruggh! Ibune Ardi sing pancen nandhang lemah jantung nggeblag semaput.
Tangga-tangga banjur teka pating brubul. Ana sing nulungi ibune Ardi ana sing ngedusi Ardi. Sing didusi mung hi-ha-hi-hi. Bareng wis resik,
lan katon yen getih sing ngebaki awake mau dudu gethe Ardi, wong-wong lagi ngerti yen bocah mau waras-wiris.
Ibune banjur digugah. Bareng melek kaget campur seneng, ora sranta anake dikekep-kekep karo nangis. "Kowe mau ora pa-pa ta? Kok getihe mblabar ngana kae?" takone ibune.
"Mesthi ae ora pa-pa, wong iki mau getih sapi, kok", ujare Ardi santai.
Bareng dicritani yen mau kecipratan getih sapi sing dibeleh Pak Modin, kabeh ngguyu lakak-lakak
"Ealah, tiwas aku semaput! Takpikir nek kowe sing kecelakaan iki mau!!" ujare ibune Ardi karo ngguyu laekel. Apa tumon? (gogon surabaya)
AMBUNEEE....
Mas B sing omahe neng Surabaya, duwe lemah neng Madura. Rencanane arep didol, nanging ditawak-tawakake nganti pegel gak ana sing gelem. Merga wis mataun-taun ora payu, wekasane Mas B golek "sarat" nyang nggone wong
tuwa ing Yogya. Baline digawani endhog banyak wukan (endhog sing dingremi nanging ora netes) karo kembang boreh. Welinge, ubarampe mau supaya dipendhem ing pojok lemah sing arep didol.
Baline saka nggone wong tuwa mau Mas B numpak bus, milih sing patas. Endhoge disaki neng sak rompi. Jenenge barang rumih ya bola-bali didemek-demek, kuwatir mbokmenawa rengat.
Lha kok tekan Ngawi, nalika Mas B turu, ana wong wadon lemu munggah terus mak srog lungguh neng jejere. Jeneng bokong gedhe, mesti wae nyenggol kiwa tengen.
Keprungu swara... plethuk! Mas B ndemok sak rompine, lha raktenan! Endhog sarat mau jebul pecah! Ambuneee, jian nduleg irung, badheg banger,
lha wong endhog wukan! Kamangka bus-e bus AC, mula ambune muleg. Ora lidok, wong sak bis blokekan mutah kabeh. Kabeh misuh-misuhi Mas B.
Mas B langsung njaluk mudhun, buse dikongkon bablas. Tekan ngisor, rompi dibuwang sebrung, nanging meksa ambune ora gelem ilang. Akhire Mas B njujug kali cedhak dalan. Klambi, kathok tekan jerowan kabeh dibuwang, terus adus bayu kali sing buthek iku. Untunge nggawa salin, coba nek ora rak mbligung tenan!
Apa tumon, karepe golek srana ben lemahe payu, malah ketiwasan. Kelangan ongkos bus, dipisuhi wong akeh, adus banyu buthek, kelangan rompi
lan klambi sapengadeg, isih ketambahan isin wirang! Apes tenan! (gundala)
NIBANI SING DUWE
Iki crita sing paling konyol sadonya, ning aja tiru-tiru ya. Sing ngalami kancaku H, sing wonge uga paling konyol
lan ndlidhis dhewe sadesa.
Bengi iku H niyat nyolong nangkane Mbah K sing kawentar gedhi-gedhi tur legi rasane. Ya mung kanthi cara ngono kuwi bisa ngincipi nangkane Mbah K, soale wonge jian medhit alias bahlul bin mleki. Yen panen nangka tanggane mung uman ambune, mulane H sajak ngigit-igit pengin menehi "pelajaran" marang mbah K.
Bubar maghrib ndilalah grimis, mula wit nangka sing arep dipenek dadi lunyu. Ning dhasar wis diniyati, kanthi rekasa H ya ngethapel menek kaya cecak. Ora suwe wis tekan ndhuwur pang. Didemeki nangkane ana yen sepuluh iji. Bareng diambu-ambu, ana loro sing ngganda wangi, tegese mateng. Ning cilakane (apa malah begjane?) nangka loro kuwi gedhene ora umum. Meh sauwong.
Mesthi wae H bingung, arep diceblokake mesthi ngagetake sing duwe omah, dene arep dipondhong mudhun kok abot, tur wite lunyu pisan. Pungkasane nangka nekad dipethik, banjur dibopong digawa mudhun alon-alon.
Nalika isih ngambah perangan wit sing ana pange pancen gampang. Nanging bareng tekan wit sing njlujur ora ana pange, H gurawalan bola-bali arep ceblok.
Lagi kerewan ngono kuwi ndadak ana regemenge wong ngadeg neng ngisor wit nangka karo alok, "He, sapa kuwi?! !"
Cilaka, jebul Mbah K! H meneng ora obah ora owah, saking wedine. Mung ngethapel neng wit karo ndhekep nangka sing abote ora lumrah kuwi.
"Heee! Sapa kuwii!! Maling ya??!"
H tetep meneng. Nanging tangan lan sikile wiwit ndhredheg merga kabotan nangka. Lengene krasa jimpe banget, saya suwe nangkane rasane saya abot. Katambah wite krasa saya lunyu. Wekasane tangane ora sanggup maneh nyekel nangka kuwi,
lan... duruuuut... blugh!
"Adhuh!" keprungu swara wong sambat, banjur kasusul swara pisuhan entek amek kurang golek.
H mlorot mudhun, ora perduli dhadhane babak bundhas keberet wit. Tekan ngisor langsung anjlog
lan mlayu ngeciput bali mulih tanpa maelu sing lagi kelaran.
Eloke, dina esuke Mbah K mara nyang omahe H nggawa nangka sajuring. "Niki wau kula bar panen nangka, ngga diincipi sekedhik", jarene Mbah K.
H kukur-kukur sirah, ning nangka mau ya ditampani wae karo ngguya-ngguyu semu piye ngana kae.... Eee, beknawa wae iku ongkose olehe amek mau bengi! (Yuli-Pasir)