Index

Picture

Picture

SORE iku, ing desa Karangsari Cluwak, hawane atis sawise digrujug udan deres ing wayah awan. Pak Suntoro lagi leyeh-leyeh ing peturon, ngilangi rasa kesel awit dhek esuk nganti awan lagi mulih saka Bolanjam, perlu sowan wong pinter, Romo Suro Bangkit. Ana karep nyuwun nomer togel, kanggo puteran bengine mengko. Jalaran dheweke tau diparingi nomer togel, senajan mung buntut pas nggancleng. Emane olehe nuku mung sewu rupiyah. Mulane dina iku nyuwun maneh, angka jitu (angka jejer papat), arep ditembak limang ewu. Diangkah supaya bisa nggaruk rolas yuta limang atus rupiyah. Ditunggu nganti setengah dina, ngenteni tamu liyane yen wis mungkur.

Lagi kelap-kelip karo mikir angka paringane Romo Suro Bangkit, apa perlu diothak-athik, apa dituku apa anane, ndadak bu Toro elik-elik, "Nyumbang lho Pak, dina iki! Uleme punjungan saka pak Sandi Buncel, lali pa piye?"

"Wah hiya, kok lali pleng aku. Tujune mbokelingake! Lha piye iki, wis sore kathik mendhunge rata, sajake arep udan maneh?!"

"Ya ditekani Pak, ngasta jas udan! Wong wis kadhung becik, kathik uleme nganggo punjungan. Aku dakkirim wae!"

"Wah, wis wayah mene kathik ngliwati alas Trebana. Kebangeten pak Sandi iku, wong duwe gawe wae kok milih mangsa rendheng".

Pak Suntoro sida budhal, bebek Astrea sing cet-e wis rada busem iku ditumpaki nerak dalan teles, swarane pating lekecet. Mlebu desa Karangsandha, senajan mendhunge peteng nggembuleng, nanging lakune Astrea lancar. Kadhang mung kepeksa nerak banyu ngecembong ing tengah ratan, banyune nyiprat-nyiprat.

Bareng mlebu desa Wedhusan, swasana wis peteng ndhedhet. Awit wis bar surup, kathik mendhung ireng saya kandel. Kesusul tibane udan mak bres. Pak Suntoro mandheg, age-age nganggo jas udan. E, senajan awake wis kekrudhung jas udan brukut, rai sing ketampeg tibane banyu udan rasane ing mripat nganti pedhes. Lakune alon-alon nerak grujugan udan. Dheweke mikir-mikir, leren ngeyub apa terus?

Tekan desa Wedhusan Wetan, ngetan sithik wis mlebu alas Trebana. Ing kidul dalan katon ana warung bukak, lampune petromax padhang kencar-kencar. Sajake warung sega, ketara gandane sayur sop nduleg irung. Pak Suntoro menggok gluwer. Sepisan arep melu ngeyub, ping pindhone arep ngisi weteng. Lali dhek rina mau, wetenge durung kisenan sega. Wihhhh . . . bakule ayu merok-merok, ngobral eseme sing ngujiwat.

"Mangga mampir riyin Mas, jawahipun saya deres!" pambagene wong ayu iku semanak.

"Ngeyub, Mbak, kadhemen wiwit sadawane dalan Karangsandha nganti Wedhusan!" jawabe karo nyawang bakule nganti penthelengen. Ayune iku lho, sing marahi mripat eman-eman dikedhepake. Awake sing lencir muluuus putiiiih, pasuryane mrusuh kaya bintang iklan Biore.

"Badhe tindak pundi napa saking pundi, kok dalu-dalu Mas?"

"Arep nyang Puncel, omahku Karangsari, Mbak"

"0, Puncel nggih taksih tebih! Dhahar nggih, wonten opor ayam, sekul rawon, wonten sekul lodheh!"

"Mengko sik ta, aku kok gumun. Panggonan cedhak alas sepine kaya ngene, kok wani Mbak sing ayu iki dodol ijen bengi-bengi ing kene? Nek dienggo bancakan preman-preman sing nggrombol padha omben-ombenan ing Karangsandha kana mau piye?"

"Ah panjenengan niku, meden-medeni mawon. Mboten wonten napa-napa kok Mas! Kula bikak warung ngantos dalu, kadhang ngantos enjing!"

"Wah hebat tenan nek ngono. Sapa asmane Mbak, bakul sega opor sing hayune uleng-ulengan. Sing arep jajan nganti kepileng, rasane kliyeng-kliyeng!"

"Ampun ngalembana sanget-sanget, Mas! Kula nami Rustini, ngrandha sampun setaun, tujune dereng gadhah momongan!"

"Lha omahmu ngendi, kok madeg warung adoh pomahan, Mbak?"

"Kula nggih Wedhusan ta Mas, kidul ngriku jhe!"

"O layak, wong randha Wedhusan, ya pancen ayu. Aku njaluk sega opor, ngombene teh anget! Mesthi sedhep iki masakane, bakule iku sing marahi sedhep!"

"Nggih dicobi mawon, ngiras jampi badan kadhemen, Mas!"

Pak Suntro olehe ngrahapi sega opor ayam disesuwe. Saben nyendhok sasendhok, pijer nyawang bakule. Sing disawang mesem, mripate dikedhepake kremil-kremil. Sajak kemayu, nyatane ya pancen ayu. Sarandune awak sakojur, ora ana sing elek.

Pak Suntoro awake dadi kemranyas. Sing dhek mau kadhemen nretheg, saiki ngrasa panas siak-siak. Dheweke karo noleh menjaba, ndedonga muga-muga udane deres terus. Ora ana wong jajan liyane sing teka.

"Piye ya Mbak, udan kok ora gelem terang?!"

"Sipeng ngriki mawon Mas, dhateng Puncel enjing-enjing mawon!"

Ditawani kaya ngono pak Suntoro glagepan, ing batin surak-surak ora arep nulak. Jam tangan sing tememplek ing ugel-ugelane, wis nuduhake jam 12.30.

"Kok nginep kene ana enggone pa piye?"

"Mangke kula gelaraken klasa, teng njogan ngrika! Nek kamar kula mboten saged, sempit Mas!"

"Ya wis aku nginep, klasane enggal gelaren! Sesuk esuk aku gugahen!"

Rustini bareng ngadeg arep nggelar klasa, pak Suntoro olehe nyawang nganti ngowoh. Bokonge, bareng mlaku kok bisa muser-muser. Bareng wis ditatakake enggon, Astrea sing dijagrag ing njaba dilebokake omah warung. Warung ditutup, petromax dipateni, diganti lampu teplok urube diblegerake. Pak Suntoro banjur ngebrukake awake ing gelaran klasa, meneng-meneng dheweke isih mbatin, "Judheg nek takrasakake. Bocah ayune kaya ngono, kok wani-wanine bukak warung ing pinggir ndalan cedhak alas, kathik ijen?"

Durung nganti bisa ngeremake mripate, Rustini ndadak wis nyedhaki sing lagi klisikan, celathune, "Mas, sare kempal kula mawon! Seseg kedhik mboten napa, malah anget. Teng ngriki adhem, tur atos mboten wonten kasure!"

"He ... aku turu awor kowe? Kene wae Mbak, aku wedi nek bapakmu sambang rene!" jawabe ethok-ethok kemlewa. Nanging ing batin, pak Suntoro jingklak-jingklak kesenengen.

"Mboten napa-napa! Mboten nginten bapak badhe ngriki. Kula kadhemen kok, Mas!"

"Ya wis ayo, jan-jane aku barang ya kadhemen kok!"

Tekan njero kamar pak Suntoro njegreg. Peturone ana seprene Ian ambune wangi, nanging kok rupeg temen? Ciyut, mung padha ambane bale lincak.

"Kok ciyut temen, apa cukup wong loro Mbak?"

"Mangga cepit-cepitan, rak anget. Kersane tambah anget, saene agemane dilepas mawon!" komentare karo mblejeti penganggo sing tememplek ing awake pak Suntoro. Dheweke mung manut, sakarepe kono tanpa dicegah. Rustini uga mengkono, penganggone sing kanthil ing awake uga dilepas.

"Lho, angin adheme ngene kok malah cucul-cucul iki, rakmalah nreteg, Mbak?" takone ethok-ethok mbodho.

"Mboten, mangke saged anget tur nyamleng Mas!" jawabe karo ngguyu.

PictureSidane wong loro lanang wadon teturon ing amben ciyut, dheseg-dhesegan. Wong loro sing kandha arep turu, nanging sewengi natas padha guyon seneng-seneng. Padha ngapa, embuh ora ana sing weruh. Mung ana seksi bisu, lampu teplok sing urube mblereg. Nganti katog parak esuk, lanang wadon sing padha kuwel iku lagi padha keturon pules.

Esuke, rantak-rantak wis padhang, pratandha wis tumekane gagat raina. Warga desa Wedhusan sing kulina bebakulan ing pasar Puncel, selur padha ngliwati dalan sing dhek bengi ana warunge iku. Sing wong lanang mikul, sing wadon ngindhit. Wong-wong iku arep adol wulu wetu asil tetanen. Lakune alon-alon, sinambi ngomong ngalor ngidul.

Kang Sarijan sing mikul semangka, bareng liwat panggonan kono pinuju noleh mengidul. Mandheg jegreg, awit weruh sesawangan wong aneh. Wong lanang turu nglepus bantalan bata, mung awer-awer clana dhalam.

"Kok mandheg ana-apa Kang, kabotan piye?" takone Sarjo sing mikul kacang panjang ing mburine.

"Sik Jo, kidul kae sawangen! Ana wong turu kok ngglosor nok lemah sajak penak. Wong kekeselen ayake Jo. Wong adoh sajake, kok nggawa Honda barang?"

"Hiya Kang, sapa iku kok mbloder betah anyeb temen?"

"Ayo dicedhaki, wong bar tabrakan pa piye?" pangajake kang Sarijan marang kabeh kanca-kancane.

Esuk-esuk dadi geger. Ana wong lanang sajake wong pengalaman, nanging turu ing lemah bongkaran tilas warung sega. Dirubung-rubung wong sapirang-pirang, digugah banjur ditakoni. Wonge bareng tangi katon bingung. Bareng eling wantehan banjur crita semu isin. Rampung crita, ngranggeh sandhangane sing kemlimpruk ing sandhinge, cepet dienggo.

"Kados pundi Pak, kula kok lajeng kedlorop dhateng panggenan kados ngaten?" takone pak Suntoro marang pawongan sing Iuwih sepuh sing melu teka ing kono, bapak Haji Abdul Jalil.

"Sampun, sampun, dipunsarehaken penggalihipun. Panjenengan kenging godha arwah gentayangan. Setaun kepengker dhateng ngriki pancen madeg warung sekul opor, ingkang larisipun mboten jamak. Bakule randha enom, namine kok cocog kaliyan crita panjenengan wau. Nami Rustini, wah ayune mboten wonten ingkang nandhingi. Para kaneman sami remen jajan ing warung ngriku. Mboten purun kesah, menawi warunge dereng tutup. Awit sami semlengeren nyawang bakule.

Satunggiling dalu pinuju wonten angin lesus. Tiyang jajan sami bubar, bakule taksih badhe nutup warungipun. Dumadakan warung punika kerebahan jrakah ipik ageng sanget. Warunge ajur brantakan, bakule ketindhihan rebatang, dados Ian tiwasipun!" mangkono andharane pak Haji, ngungkap lelakon setaun kepungkur. Lelakon nggegirisi, warung sega opor kebrukan rebatang jrakah ipik, ancur lebur sabakule.

Kabeh sing ngrungokake ora ana sing kuwawa ngomong, mung bisa nyebut "Astaghfirullaaahal'adzim ...!" (Dituturake dening pak Suntoro marang penulis).


Hosted by www.Geocities.ws

Picture

Index
1