Index

Picture
 
Hosted by www.Geocities.ws


NALIKA aku isih kelas 6 SD, kurang luwih 13 taun
kepungkur, wektu iku kelasku nganakake acara
persami (perkemahan Sabtu Minggu) kanggo
murid-murid kelas.6. Guru pembinane
asmane Pak Is. Arane wae bocah dijak
kemah-kemahan senenge ora jamak.


PictureKABEH ngumpul wiwit jam 3 sore. Sawise upacara pembukaan, murid-murid wiwit nata ruangan kelas kanggo panggonan istirahat. Bocah wadon manggon ing kelas 4 lan 5, kanthi mbukak aling-ating kelas kang dumadi saka kayu. Dene bocah- lanang manggon ing kelas 1 lan .2, kanthi mbukak aling-aling uga. Ruang-kelas 3 sengaja dikosongi kanggo pemisah.

Kelas 6 lan ruangan TK uga dikosongi. Guru-guru lan kepala sekolah wis kondur sawise upacara rampung. Dene Pak Is manggon ing ruang guru.

Wayah tata-tata ruangan, jebul lampu neone kelas 4 mati. Akhire Pak Is njupuk neon saka kelas 6, banjur dipasang ing ruang kelas 4.

Sawise rampung kabeh olehe nata ruangan, kurang Iuwih jam S sore. Pak Is pamit marang bocah-bocah. Pak Is arep metu mundhut barang-barang kanggo keperluan perkemahan. Pak Is meling marang bocah-bocah supaya ngati-ati ...lan ora oleh metu saka pager. Lawang pager dikunci Pak Is saka njaba.

Bocah-bocah wiwit gojegan dhewe-dhewe. Bocah-bocah lanang nggodha sing wadon. Nyeluk-nyeluk banjur mlayu oyak-oyakan.

Embuh kepriye wiwitane, bocahbocah wis gegojegan ing njerone kelas 6. Ana sing nulis-nulis ing papan tulis, gawe bedhekan. Ora krasa ngerti-ngerti wis-keprungu adzan Maghrib. Bocahbocah banjur sholat ing panggonane dhewe-dhewe. Sing wadon jamaah karo wadon semono uga sing lanang.

Bubar sholat Maghrib, bocah-bocah nerusake gojegane sambi nunggu rawuhe Pak Is. Ana sing playon oyak-oyakan, ana sing ngobrol ngalor ngidul, ana uga sing nyetel Ian ngrungokake radhio. Aku ngobrol karo kanca-kancaku wadon ing njero kelas.

Saka kelas 6 keprungu swarane bocah-bocah-lanang rame banget. Malah ana sing celuk-celuk, "Nurmuji ... Nurmuji", kaya swarane Hasyim nyeluki jenenge kancaku.

Akhire Nurmuji nginjen kelas enem saka ngisore lawang kang misahake kelas 5 Ian 6. Sanalika Nurmuji njerit sakayange lan bablas semaput. Aku Ian kanca-kanca wadon langsung gupuh, Nurmuji langsung digendhong lan diturokake ing klasa. Awake anyep njejet. Nurmuji diblonyohi balsem, supaya cepet eling.

Bocah lanang-lanang mlebu menyang kelas, ndeloki kok ana rame-rame. Ketua kelas sing arane Imam takon, "Ana apa kok rame-rame?"

Aku njawab karo nesu, ""Nurmuji semaput iki Iho. Cah lanang-lanang yen guyonan mbok aja kebangeten."

Wawan takon, "Guyonan karo sapa?"

"Hasyim iku wit mau celak celuk. Ana apa Syim kok celak-celuk wae?" takonku tambah nesu.

"Ora ki. Wong aku kawit mau neng lapangan karo bocah-bocah"

"Lha iki mau aku krungu Hasyim celuk-celuk Nurmuji saka kelas 6. Bareng diinjen dheweke langsung semaput.

"Hah?!" cah lanang-lanarng kaget.

"Lha wong cah lanang-lanang wit mau neng lapangan kabeh kok. Kelas 6 sajake kosongq ora ana sapa." aloke Imam.

Cah Ianang-Ianang langsung mlayu marani kelas 6. Cah wadon sebagian nututi saka mburi.

"Lho wong peteng ngene kok", ujare Wawan.

"Lha iya, wong neone dijupuk Pak Is kanggo kelas 4, jawabe Imam.

Bocah-bocah padha mlongo, banjur bali menyang kelase cah wadon.

"Lho iya, awake dhewe mau rak dolanan ning kelas 6. Mau kok padhang ya?" takone Irfan.

"Malah bedhek-bedhekan barang", tambahe Hasyim. "Bar Maghrib rak kudune wis peteng, ya? Wong jam setengah lima wae biasane wis peteng kok". Pancen ruang kelasa 6 klebu peteng, sebabe koridore kaya lorong.

"Wah aja-aja setan. Hiii ... " kandhane Wawan wedi.

"Wis nunggu Nurmuji sadhar wae, ana apa kok semaput ..." usule Imam.

Aku bingung anggonku nyadharake Nurmuji. Irunge tak abon-amboni balsem. Ora let suwe, Nurmuji sadhar.

"Kowe mau kena apa Nur, kok nganti semaput?" takonku.

Karo keweden, Nurmuji njawab, "Aku mau diceluki Hasyim. Bareng dakinjen, ndilalah ketok sikil gedhe tur akeh wulune. Kaya sikile gendruwo. Aku keweden terus ora sadhar."

Akhire bocah-bocah mutusake metu Ian ngumpul ing lapangna, nunggu Pak Is rawuh.

Watara jam 8 bengi, Pak Is kondur karo guru-guru pembina liyane.

Piyambake dicritani eah-cah kedadeyan iku mau. Bareng niliki kahanane Nurmuji, Pak Is ndangu, "Kowe saiki wis ora apa-apa ta Nur?

"Mboten Pak. Namung radi ajrih" jawabe Nurmuji.

Pak Is mirsani kahanane kelas 6, pancene sepi Ian peteng ora ana neone. Bocah-bocah didhawuhi nggawe api unggun Ian ngumpul ing lapangan, nerusake acara. Kabeh wis padha ngerti, menawa sekolahan iki pancen rada angker.. Dadi wis ora mbacutake omongan bab iku. Bocah-bocah didhawuhi ndonga sing akeh, supaya slamet ora ana kedadeyan sing mutawabri.

Salam kagem Pak Is Ian kancakanca saangkatanku ing SD Raden Patah, Semolowaru Surabaya.




Picture

Index
1