Index

Picture

MALAH TOMBOK

Sakjane mono aku emoh crita lo... ning yen ora daktulis aku wedi, mengko gekgek malah dadu wudun! Sing cetha aku isih lam-lamen tur ya uisiiiin yen kelingan. Mulane rada suwe aku ora nulis ana rubrik iki, he... he... he...

Wektu kuwi aku nampa honor saka rubrik iki. Jumlahe... wis pokoke lumayan, wong tanggale tanggal tuwa, dhuwit gak gableg tur gajian isih suwe. Bingunge, aku ora duwe kendharaan kanggo njupuk wesel saka PS mau nyang kantor pos. Ndilalahe, pas bingung kuwi mau aku weruh neng ngarep kantorku kok ana yamancal (sepedha pancal--Red) nganggur, duweke pak Satpam. Enggal wae aku nembung nyilih kanggo "nyairna cek" sing akehe Rp 15 jut... eh, ewu dhing!

Wis embuh, ora mikir wis tengah awan bedhug ndhrandhang, aku ngonthel nyang kantor pos, adohe udakara 5 km. Dhuwit klakon kecekel tangan. Karo bali aku mikir, mendahneya enake yen mengko mampir kantin nyruput es dhawet... mesthi segerrr!

Satengahe mikir, dumadakan keprungu swara, dhuooorr! Lhadalah... jebul ban sepedhaku, eh, sepedhane pak Satpam, mbledhos njaba-njero. Wah, cilaka tenan! Sidane aku nuntun sepedha mau lumayan aduooh.. Gek panase jian ora mekakat!

Sepedha dakseleh neng tukang tambal ban, dakenteni karo ngiyup. Bareng rampung aku takon, "Pinten, pak, ongkose?"

Tukang tambal ban semaur, sing njalari aku meh semaput tenan... "Anu, mbak, iki ora isa ditambal dadi ya takganti kabeh anyar. Ongkose sak ban-e kabeh Rp 30. 000."

Byuh-byuh-byuh! Wong yen lagi apes! Mbayangke ngombe es dhawet malah sidane ngorong tenan. Wis kepanasen, isih tombok separo maneh!

Karo njegigis aku bali nyang kantor, mlaku kaya wayang kelangan gapit, lemeesss. Yamancal taktinggal kanggo jaminan, wong dhuwite kurang. Tekan kantor aku utang kancaku Rp 15 ewu, banjur diterke kanca njupuk Yamancal "sialan" kuwi mau. Nasib... nasib...

Coba yen honore mundhak dadi 50.000, rak aku isih bisa tuku es, he.. he..

Ora, ora dhing... pak dhaktur mengko duka (Aja ya pak, blaen tenan yen ora dimuat). Iki mung guyon wae, ning yen honore ditambahi ya matur nuwun, ora nulak
blas! (Ninik P-Samarinda)

DIKIRA POCONGAN

Putrane tanggaku sing jenenge D (bocah wadon) senajan lagi kelas telu SMP nanging pawakane longgor/dhuwur. Saben wayah maghrib Ian isya mesthi sholat jama'ahan ana musholla sacedhake omahku, sing adohe saka omahe udakara 200 meteran. Saben mangkat sholat, rukuhe mesthi wis dienggo saka omah, semono uga samulihe saka mushola rukuhe uga isih dienggo.

Nalika semana, kaya adate, D mulih saka musholla isih nganggo rukuh. Lagi mlaku seket meteran ndadak listrik mati. Ndilalah saka ngarepe ana wong mlaku nganggo nyamping. Bareng weruh ana putih-putih mlaku marani dheweke, katon dhuwur kaya ora ngambah lemah, wong wadon iku langsung njerit, mlayu mbalik karo cincing-cincing.

Bareng D weruh ana wong mlayu karo mbengok, dheweke melu wedi, terus melu mlayu. Sing ana ngarep ngerti yen putihputih mau mlayu dikira ngoyak dheweke, mula playune tambah dibanterake. Semono uga D tambah wedi, mula gase uga ditambah nganti banter banget kaya oyak-oyakan.

Untung listrike urip maneh, byar! Wong loro padha mandhege Ian padha krenggosan ambegane ngangsur-angsur. Sidane padha ngguyune. Apa tumon? (Suwarsono-Bangsri).


KURANG SAK HURUF

PictureYen ing PS minggu kepungkur ana wong ngamuk merga tulisan "Susu" ditambahi "nya", aku malah kepengin nyritakake ana wong kemekelen merga pesenane kurang sak huruf.

Esuk kuwi bu M lagi watuk ngikil. Mula banjur nyeluk rewang/pembantune aran Jah, dikongkon tuku obat watuk nyang pasar kecamatan merga ing warung desa kono ora ana.

"Jah, tukokna OBH neng warunge Mas Jiyo."

"Sing njenengan kengken tumbas niku napa ta, Bu?"

"OBH, wis omonga OBH ngono wae, mas Jiyo wis ngerti. Wernane ireng, tuku siji, goleka sing rasa pepermint. Ki dhuwite!"

Jah mung manthuk, banjur mangkat nyang pasar. Jam 10.00 Jah wis bali saka pasar, nyangking wungkusan koran. Teka-teka kusung-kusung karo wadul.

"Nek wernane mpun cocok, cemeng. Ning mboten enten sing rasa permen, Bu. entene niki, ujare Jah karo ngulungake wungkusan koran mau marang bu M.

Bu M mbukak wungkusan mau, Ian, "Jabang bayiiikk! Ya ampuuun... Iki apa, Jah?"
'
"BH, Bu. Terose wau ken tumbas BH cemeng rasa permen?"

"Adhuh... dudu BH, Jah... nanging OBH, Obat Batuk Hitam, obat watuk sing adate takombe kuwi Iho! Tur maneh sing dakkarepake ya dudu rasa permen, nanging pepermint, sing rasane semriwing pedhes-pedhes seger kae Iho!!"

"Lha kula mirenge BH, ngoten! Jebul kurang O ta iki mau. Mulane kok aku golek sing rasa permen ra ana, he.. he...'"semantane Jah karo mringis.

"Ya mesthi wae, Jah... Nganti donya kukut ya ra bakal ana BH rasa permen??" Sidane Bu M mung bisa melu nguyu kemekelen.

"Ya wis bejamu, Jah. Wis kono BH-ne nggonen. Thekku wis akeh kok!" ujare bu M karo ngguyu ngeklek.

Apa tumon, kon tuku obat watuk kok olehe wungkuse wadhah ASI! (margono Surabaya)


 

Picture

Index
Hosted by www.Geocities.ws

1