Index

 

Picture

Hosted by www.Geocities.ws

 

Picture



WONG yen lagi gandrung ra. perduli mbledhose gunung. Ngono pethilane lagu campursari. Sing nggambarake kaya ngapa rasa atine wong sing lagi kasmaran. Ora tuwa ora enom, yen wis ketaman panah asmara bakal poyang-payingan. Sedina-dina tansah kepengin nyandhing. Paribasan sing ana mung rasa kangen setengah urip. Apamaneh bocah nom-noman, sedheng sing tuwa kaya mbah Pardi Jagung-sing umure Iuwih saka setengah abad wae kena panah asmara, tumindake ngluwihi bocah pitulas taunan. Meh saben dina dandanane mlithit nganggo minyak wangi gatsby sing ambune ora ilang-ilang. Minyak rambute merk brisk sing regane ngancik limalas ewu. Jan-jane mono ora jeneng anak putune tambuh. Ning arep elik-elik ora wani. Yen dideleng jan ngisin-ngisinake keluargane. Wong tuwa wis mambu lemah tur putune wis jaka-jaka prawan-prawan, kathik pethakilan golek gandhangan dumeh bojone wis ora kuwawa ngimbangi brantane, lan wis padha nglempit pipi kiwa tengene.

Mbah Pardi wedok isane mung gulung koming thok weruh pokale sing lanang, sing lagi ketaman puber ketiga. Atine sansaya nelangsa ditambah sewengi dodol jagung bakar neng alun-alun. Dene sing lanang bisane mung klencar-klencer adol bagus, senajan ajeg tilik dhasarane saben sore. Ning lungane mesthi karo nganthongi dhuwit limalas ewu. Weruh ngono kuwi sing wedhok tansah nangis batin.

Bab pokale Mbah Pardi kuwi wis dadi rahasia umum. Meh saben wong padha ngomongake, prasasat dadi kembang lambene wong sak dhusun. Kepara malah ing lingkungan alun-alun panggonan dodolan jagung ya wis krungu kabeh. Ora mung nyemoni, nanging uga ana sing padha weneh dalan golek wong tuwa supaya mbah Pardi bisa sadhar. Kabeh mau ditampa apik dening Mbah Pardi wedok. Sing banjur anak putune dikon golek srana kaya kang dikandhakake para tangga. Emane sapirangpirang srana ora kuwawas nyadharake tumindake mbah Pardi lanang. Nanging malah gawe ndadi pokale, kanthi wani ora mulih barang. Yen wong-wong padha ngarani mbah Pardi lanang kena pelet sing ampuh. Nganti dhukun sapirang-pirang ora kuwat ngilangi. Ana sing ngarani kepelet susuk pengasihan.

Yen dheweke melu dodol jagung mesthi lungguh neng ngarep dhasaran. Mbuh kuwi alesane ngrewangi ngipasi utawa mung thenguk-thenguk. Yen pas weruh wong wedok rada melek sithik, dheweke terus mesem kanthi nawakake mampir jajan jagung. Ngono kuwi ora direwes dening mbah Pardi wedok senajan satemene ya ngerti. Ning tinimbang mutung terus ora gelem tilik dagangan utawa ngrewangi. Luwung ditogake wae sak polahe. Batine mengko yen wis bosen rak mari dhewe. Nanging saiki malah. gawe ontran-ontran nganti wong sakutha ngerti kabeh. Ndelalahe jagung bakare kawentar ing antarane bakul jagung sak alun-alun. Mula akeh wong utawa langganan padha ngerti. Ora merga saka kedadeyan kuwi thok, nanging saka ndeleng lan krungu carane mbah Pardi ngomong bab wong wedok wis padha nggraita. Yen mbah Pardi lanang wong thukmis. Ora kena weruh wong wedok melek.

"Mbah . . . ! kae mbah Pardi lanang digotong-gotong wong akeh. Jarene wuda blejet turu ngathang-ngathang ning ngisor wit asem gajah pinggir kuburan!" pambengoke yu Tatik tangga sebelahe.

"Ndi, wonge, Tik! Gek kena apa pakmu ki.Mulane wis tuwa mbok aja pethakilan ndhak kena sawan. Nek wis ngono piye!" wangsulane mabh pardi wedok gupuh campur bingung. Mlayu tanpa nganggo klambi Ian sandhal, ora kober mikir isin barang.

"Sbar mbah ... sabar! Mboten napanapa, namung kepelut randhane asem gajah mriku mengke lak mantun!" ujare kang Karto ngayem-ngayem mbah Pardi wedok.

Anggane mbah Pardi lanang dipapanake neng dhipan ruang tengah panggonane dheweke turu. Lan sawise dinggoni klambi terus diupakara dening wong-wong. Ana sing nggosoki minyak angin ana sing mijeti. Sinambi nunggu tekane pak Amir kyaine langgar dhusun kono.

"Assalamu a'laikum!" swara anteb mrebawani mecah kebingungan.

"Wa'alaikum salam!" jawabe wongwong bebarengan.

"Pak, pripun niki pakne. Nyuwun tulung, pak dipun tambani" panjaluke mbah Pardi wedok wiwit prembik-prembik. Sing terus dirangkul Yu Marmi dijak lungguh sinambi ngenteni krenahe pak Amir.

"Sareh rumiyin nggih, mbah. Mbah Pardi jaler menika kenging godha randhane asem gajah":

Banjur kanthi alon-alon pak Amir wiwit ngusadani nganggo banyu putih sing didongani. Wong-wong klebu aku sing teka keri dhewe ngenteni asile kanthi rasa was sumelang. Ning sajroning bathin tetep donga supaya mbah Pardi bisa pulih kaya wingi.

"Sampun. Samenika kula nyuwun tulung dhumateng panjenengan bapak-bapak supados nyepengi angganipun mbah Pardi. Mbokmanawi bakaf njumbul amargi dayanipun toya menika. Insya Allah saged mantun" panjaluke pak Amir, sing banjur wong lanang-lanang tanpa dipindho padha siaga nyedhak Ian nyekeli anggane mbah Pardi.

"Bismillahirrohmaanirrohiiim!" ucape pak Amir karo tangane wiwit ngraupake banyu ana gelas marang anggane mbah Pardi. Sanalika mbah Pardi lanang njomblak kanthi nyuwara seru.

"Hadhuuhhh, mak! Aku aja dipilara. Aku kapok ora bakal manggon ana kene maneh!" pambengoke sinambi tangan Ian sikil ngupaya arep uwal saka cekelane wong-wong.

Ora suwe anggone kroncalan, katon Mbah Pardi lanang wis kentekan tenaga. Banjur nglumpruk lemes, sing pungkasane turu nglepus karo dirubung anak putu lan bojone. Dene wong-wong disuwun pak Amir supaya melu ngancani, njagani nganti mbah Pardi sadhar. Klebu pak Amir uga durung tegel ninggal. Omahe mbah Pardi dadi rame. Wong padha melekan kaya wong nduwe gawe. Anak putune njur padha gupuh cawis unjukan lan jajanan kanggo ngancani sing padha ngenteni.

Kedadeyan kuwi nembe iki dumadi ing dhusun kono. Senajan bab lelembut wongwong kono wis padha kerep krungu. Uga panggonan-panggonan sing angker wis padha ngerti lan nyirik. Ning ewasemono ndilalahe sing kena mbah Pardi Jagung, sing nalika nom-nomane kawentar seneng ngrentengi kenya. Dhasare anake wong nduwe tur rupane ora nguciwani. Thik jarene wong akeh, mbah Pardi kuwi nduwe cekelan pengasihan. Mula sapa wae khususe kenya sing dipingini dening mbah Pardi bakal kapilut.

"Hah ana apa ki omahku! Kena apa aku ki dirubung wong akeh. Ana apa ta mbokne?" pitakone mbah Pardi sing dumadakan njenggelek tangi Ian gawe kagete wong sing padha nunggoni. Sing wong wedok-wedok malah dha keplayu keweden.

"Eh, sampun wungu mbah Pardi!" pak Amir kanthi ditutwuri karo wong lananglanang ngaturake pambagya.

"Wonten punapa sejatosipun pak Amir. Kok tiyang-tiyang sami ngempal wonten mriki, malah kula dirubung tiyang wedokwedok kathah. Ning bareng kula takoni malah padha mlaku!" Mbah Pardi takon kanthi bingung.

"Mbah Pardi sampun emut saestu?" pak Amir malah genti takon, sing malah tambah bingunge mbah Pardi lanang.

"Nggih kula niki sadhar tur waras-wiris ngaten. Kok malah didangu kados ngaten niki kepripun ta?" jawabe mbah Pardi setengah nesu. Batine wong waras kok diarani edan.

"Nyuwun gunge pangapunten mbah Pardi. Kula tangled mekaten amargi kalawau penjenengan mboten kados samenika kahananipun. Mila samenika panjenengan kula aturi criyos, kedadeyan punapa ingkang damel panjenengan mboten kemutan sanak keluarga. Kepara mboten kondur wonten griya ngantos tigang dinten?" ature pak Amir kanthi alon-alon, purih gawe sarehe mbah Pardi lanang sing sajak arep duka.

Banjur mbah Pardi nata ambegan sinambi ngeling-ngeling kedadeyan sing mentas dilakoni wiwit dheweke mulih saka dhasarane ing alun-alun. Critane mbah Pardi nalika dina Kemis malem Jemuah telung dina kepungkur, sawise dheweke njaluk dhuwit marang mbah Pardi wedok kanthi alesan arep nggo mbayar tunggakan arisan ing kampung lawas. Kampung sing nate dheweke manggon. Amarga mbah Pardi sak anak putu neng kutha kono kuwi boro dodol. Mula panggonane pindhah-pindhah kanthi ngontrak rana-rene.

Nalika mbah Pardi mlaku arep mara menyang panggonan nyegat montor, dumadakan mripate meruhi ana wong wedok lagi lungguh dhewekan neng sangisore wit akasia. Katone uga nembe ngenteni tumpangan montor. Tur disawang sak tlerapan rupane rada mencutake, sing banjur gawe goreh ati lanange mbah pardi. Pungkasane sikile jumangkah niyat nyedhaki wong wedok sing lagi lungguh dhewekan kanthi praupan sing suntrut sajak nembe nandang sungkawa. Temenan, kawitane mung omong-omong kosong kanggo ngilangi rasa bosen ngenteni montor. Bareng suwenesuwe wong wedok kuwi katon kepilut dening sakabehing omongane mbah Pardi lanang, suwe-suwe padha lali marang jati dhirine dhewe-dhewe.Lan saka omognane wong wedok sing jeneng Suharti, ngaku yen dheweke randha tanpa anak. Jan-jane wis suwe anggone pegatan karo sing lanang. Pancen dheweke sing njaluk pegat jalaran ora kuwat marang pokale tilas bojone. Saliyane tumindake kasar malah kerep mara tangan, uga seneng madon ngombe Ian keplek. Dhuwit olehe kerja sing diwenehake mung seprapate, liyane kanggo nguja senengane dhewe. Angger mulih ngoceh karo ambune arak Ian mambu parfum sing nggilani. Mengko yen ora diopeni ngamuk terus milara. Alesane wong wedok ora setya, mung bisa nampa dhuwite thok ora gelem ngopeni sing lanang.

Ing batine mbah Pardi kaya entuk rejeki, merga kanthi mengkono dheweke api-api aweh kawigaten kanggo pawadan njupuk atine wong wedok kuwi. Sing banjur ngetokake jurus rayuan kanthi ngomongi sing kira-kira bisa narik simpatine Suharti. Ndelalahe umure Suharti luwih enom sepuluh taunan. Mula mbah Pardi ethok-ethok pa-. ring wejangan supaya wanita sing umure meh padha anake kuwi bisa luwih lengket.

Patemon kuwi ora mung tekan semono thok. Merga olehe lelunga mulihe kewengen mula mbah Pardi dijaluk palilahe kon ngeterake tekan ngomah. Kanthi alesan Suharti wedi yen ketemu bekas bojone, sing nganti saiki isih sok nyambangi Ian kerep njaluk dilayani. Yen ora gelem dheweke bakal dipilara. Rindhik asu digitik batine Mbah Pardi. Ya tembung kaya ngono mau sing dienteni, sing terus tanpa dipikir maneh nalika ana montor mbah pardi ngajak numpak. Ning njero montor mbah Pardi isih terus ngetokake jurusekanggo mikat atine Suharti. Ora maelu sawangane wong-wong nunggal montor sing sajak gumun tur wedi. Sing penting bisa nyawatake tresnane marang wanita sing nembe dikenal iki.

"Mangga pinarak rumiyin, pangajake Suharti bareng wis tekan ngomah.

"Dikandhani ora susah basa kok ngeyel! Wis tak lungguh kene, jawabe mbah.Pardi karo nyawang wanita ayu kuwi sajak kemecer.

Temenan. Suharti sida kepilut marang juruse mbah Pardi, Nyatane nalika mbah Pardi arep pamitan mulih ora dientuki. Alesane kanggo ngancani menawa Bronto bekas bojone mara. Kanthi mengkono Suharti bisa alesan, yen dheweke saiki wis nduwe bojo. Mbuh kedadeyan apa maneh sing dilakoni dening pawongan loro mau. Sing ngerti ya mbah Pardi dhewe. Nyatane bisa nganti ngineb rong bengi neng omahe randha kembang tanpa ana sing ngaru biru. Sing jarene Suharti, Bronto isih kerep njaluk jatah, rong bengi kuwi ora kumliwer nyandhung nyrimpet marang tumindake wong loro-sing wis lali purwa duksina. Nganti pungkasane ing wengi katelu, ya wengi bilahi kanggone mbah Pardi. Kang nalika semono wayahe tengah wengi, wayahe wong padha kumpul karo bojo. Semono uga mbah Pardi nembe enak-enak nganyam katresnan karo si randha ayu. Dikagetake dening gebrake wong mbukak lawang kanthi rosa. Lan sajake pawongan kuwi teka kanthi kebak kanepson sing katone wis ora bisa ditahan maneh.

"Ti ... Harti! Bukakna lawange cepet. Aja kakehan polah kowe, lawang ndadak dikunci barang!" pambengoke wong ning njaba.

°Mas Bronto teka. Piye ki, njenengan ngumpet dhisik apa?" kandhane Suharti groyok wedi. Katone weruh kahanan kaya ngono kuwi mbah Pardi wiwit ciyut atine. Dheweke uga bingung campur sumelang. Merga ngrungokake swara Ian tumindake pawongan sing neng njaba katon bragasan lan tegelan. Dheweke banjur mencolot niyat arep umpetan sangisore amben. Dene Suharti mlayu niyat arep mbukaki lawang.

"Kok suwi temen mbukake lawang. Karo sapa kowe neng ngomah?" Bronto ngoyak pitakonan karo clilang-clileng sajak ana sing digoleki.

"Kok pakeyanmu pating slodhot ngono. Mentas turu karo sapa cepet ngakuwa!" pangoyake Bronto kanthi nepsu sing makantar-kantar.

"Ora karo sapa-sapa. Aku iki ngenteni kowe neng ngomah dhewekan. Merga wedi yen dileboni wong, mula lawange sengaja takkunci" jawabe Suharti ngapusi.

"Hah ora ngandel! Minggir jajal, takgolekane neng kamarmu, yen ketemu bakal tak odhel-odhel anggane. Kurang ajar, wani nuroni bojone. wong!" sentake Bronto ngipatake tangane Suharti sing' tambah ngoplok.

Bronto bablas mlebu kamar mbiyaki samubarang sing tutupan kanthi kasar. Kaya-kaya dheweke krasa ana wong lanang saliyane dheweke. Sing pungkasane mripate weruh ana sikil ngejojor ing sangisore amben. Banjur tanpa ba bi bu, sikil mau dicandhak terus dilarak nganti tekan njaba kamar. Mbah Pardi sing wis ngoplok kepuyuh weruh tumindak lan pawakane Bronto, tilas bojone Suharti. Suharti weruh ngono terus nubruk Bronto supaya mungkasi tumindake sing niyat milara mbah Pardi. Nanging tangane Bronto luwih kuwat. Mula dikipatake sepisan anggane Suharti tiba njekengkang. Pungkasane mbah Pardi klakon kena sampluke tangan sing gedhene sak debog gedhang, langsung semaput tanpa perlawanan. Nganti nglilir-nglilir wis dirubung wong akeh kaya ngono kuwi.

"Mulane ta, Pakne, wis tuwa ora suSah pethakilan kaya ngono barang. Yen kaya mengkono kuwi rak sampeyan sing ngrasakake. Untung isih dilindhungi dening Gusti Kang Akarya Jagad, Iha yen ora. Apa ra jeneng mburu uceng kelangan dheleg, kandhane mbah pardi wedok semu isin sawise krungu cirtane sing lanang.

"Wis Mbok, aku njaluk pangapuramu sing akeh. Aku ora bakal tumindakkaya ngono maneh!" panjaluke mbah pardi Ianang karo janji. "Kapok ... kapok. Wis aku kapok tuwa ...!"

"Ndhemeni kok ndhemeni randha dhemit. Thik dhemite lanang ngamuk sisan," ujare sing padha rubung.

Mula dadi wong sing trima ing pandum. Aja seneng melik dudu duweke, mundhak kena murkane Gusti Allah. Uga kudu tansah nyaket lan tansah eling marang Gusti supaya bisa uwal saka godha cobane kadonyan.

Picture


Index
1