Index

Picture
 

Picture

Hosted by www.Geocities.ws

ING kalawarti Panjebar Semangat No. 10 Taun 2002. aku nulis ing rubrik "Kok Rena-rena Wae" kang takwenehi judhul'Kali Nggoleng Mili Getih". Ing kono_dakcritakake yen aku melu angon wedhus kakangku. Yen pinuju dalane angel tur rumpil aku sering digendhong kakangku.

Ya kakangku sing sering nggendhongi aku 50 taun kepungkur kuwi sing bakal dadi underaning crita. Ora ngira ora nyana yen Gusti Kang Murbeng Dumadi anggone ngatur mobah mosike umate sarwa nyalawadi lan ora bisa digagapi sadurunge.

Kakangku sing sering nggendhongi aku duk rikala semana, jenenge Saridin Ranupranoto. Panjenengane ora beda karo aku uga nyusul Kangmasku kang wis suwe dedunung ana Lampung kang ngasta ing Kantor Kecamatan ing Metro. Malah mas Saridin iki anggone nyusul luwih dhisik tinimbang aku, sing pungkasaning uga ngasta ana kantor Kecamatan Metro Kibang nganti pensiun.

Sawise sawatara taun pensiun panjenengane sering nandang gerah. Mbokmanawa iki sing sering karan post power sidnrome. penyakite wong pensiunan. Ya nalika nandang gerah kuwi ana kedadeyan sing ora ketemu nalar, yakuwi ana ula kobra sing nglingker ing bangkekane. Kamangka ula kobra kuwi ula sing terkenal paling galak lan paling mandi upase. Dheweke banjur nycluki sisihane:

"Bu delengen ihi apa sing ngganjel ana bangkekanku".

Bareng bojone mara lan ngerti yen sing nglingker ing bangkekane mau ula kobra saiUa kagete. Dheweke banjur nyeluk anake mantu supaya nyingkirake ula mau. Kanthia ti-ati supaya ora kaget ula mau dicuthik. Anehe ula mau kok ora nganakne reaksi apaapa, mung manut wae. Kamangka ula kobra mono biasane kesit lan giras. Angger kesenggol gulune njur mengkorog siap siaga arep nyathek. Kuwi kok meneng wae kaya ula turu. Kacarita amarga dianggep mbebayani ula mau banjur digebuk dening anak mantune. Getihe iya akeh kayadene ula biasa kae.

Bareng tangga-tanggane ngerti kabar mau banjur pirang-pirang reaksine. Ana sing kandha jare bengi kuwi ana sing ngerti ana ndaru arah saka wetan tumibane ing omahe Mas Saridin. Anamaneh sing kandha, jarene ula mau kudune ora perlu dipateni, sebab kuwi ngono sedulure Mas Saridin dhewe sing ngenger wiwit cilik. Liyane maneh kanha jarene kuwi ula kiriman sing sedya ora apik marang Mas Saridin. Nanging gandheng Mas Saridin cekelane akeh, ula mau kalah perbawa banjur nglimprek tanpa daya kaya sing dikawuningani kuwi. Kanggone penulis dhewe wis ora kakehan mikir pancen wis samesthine yen ula mau dipateni, amarga ula kuwi ula sing paling mbebayani.

PictureSabubare kedadeyan kasebut ing. ndhuwur, mas Saridin gerahe banjur saya nemen. Senajan dhahare iya isih akeh, nanging wis ora bisa dijak komunikasi babar blas. Sarehne mung mlumah wae. Yen perlu miring iya diiringake, yen siram iya mung dielap wae. Pokoke sak sembarang kalir wis ana ngenggon. Nanging iya sokur dene kabeh kerabat pamiline padha gemati olehe padha ngopeni,

saengga ora nggaondha sing pating klenyit kaya lumrahe wong kang lara ngebrok ngono kuwi. Kahan kaya ngono kuwi nganti rong sas luwih, saengga kondhisine Mas Saridin saya memelasi. Penulis minangka adhik kandhunge prihatin banget ndeleng kahanan mau. Banjur tuwuh pamikiran kepriye carane nyuda panandange kangmasku kuwi. Eling-eling dhek isih cilik biyen ngalor ngidul aku tansah digendhongi. Tekan kono atiku banjur saya nglangut.

Senajan nyebal saka keyakinanku, banjur njaluk tulung wong tuwa. Bareng wis oleh diprayogakake supaya gawe syarat-syarat sing maneka warna sing akudhewe sebagian wis lali. Sing penulis isih eling yakuwi sawernane jajan pasar, kembang telon lan godhong kelor. Bareng kabeh uba rampe wis cumepak wong tuwa maul banjur takon,

"Mas, badhe nyuwun pirsa. Sin ten ingkang paling bertanggung jawab tumrap anggane Pak Saridin"

Penulis kanthi tatag njawab : "Kula Pak".

Penulis banjur dikongkon nyedhak, perlu nyekseni kedadeyan sabanjure. Godhong kelor, kembang telon kang wis karendhem ing banyu kasebut banjur dioser-oserake ing sarandunging badhan. Kaelokane kahanan, ing ugel-ugele kiwa tengene masku mau metu kayadene beling. Jarene Mbah dhukun mau jarne inten. Mangkono uga ing sikil kiwa tengen, ing uwang kiwa tengen, ing-bathuk. Malah ana siji loro penulis sing dikongkon njupuk. Bareng kabeh wis dianggep resik, Mbah dlhiukun banjur takon maneh:

"Mas, barang-barang niki badhe dipun ginakaken malih menapa mboten".

Dijawab karo penulis: "Dipun bucal mawon Mbah" jawabku tanpa ragu-ragu.

Nem dina sawise kedadeyan ing ndhuwur kangmas sing kari siji-siji ne lan kang banget taktresnani, kapundhut ing pangayunane Gusti Kang Murbeng Dumadi. "Innalillahi wa inna illaihiroji'un".

 

Picture


Index
1