Index

Picture


 

DURUNG WAYAHE START

Saben pengetan HUT Kemerdekaan 17 Agustus, aku mesthi kelingan kedadeyan lucu iki. Lan mesthi ngguyu dhewe kaya wong bento.

Wektu iku Agustus 1999, ing kecamatanku dianakake lomba lari proktamaton (17 km). Sing ndhaftar akehe sak ndhayak, merga hadiahe pancen ciamik. Juara siji oleh wedhus bandhot sing regane Rp 300 ewu, juara loro wedhus mbok-mbokan rega Rp 200 ewu, lan juara telu oleh cempe cacah telu rega Rp 100 ewu. Sapa sing ora pengin?

Jam 07.30 peserta wis andher ngebaki dalan ngarep Kecamatan sing arep dinggo start. Miturut rancangan, bendera start bakal diklebetake jam 08.00.

Ujug-ujug saka panggung ing garis start ana pawongan ngadeg nyekel klebet merah putih. Klambine safari, nganggo kupluk sing uga ana pin-e merah putih. Sajake pejabat saka kabupaten. Ngadeg mrebawani karo ngomandho, "Peserta... siaaapp!!"

Lho, rak lagi jam 07.30? Mesthi bae para peserta gupuh kabeh. Ana sing sepatune durung dinggo, ana sing durung kaosan, ana kang durung salin, malah ana saperangan kang durung teka. Ning gandheng wis diabani supaya siap, sing wis ana kono ya langsung bae mapan ing garis start.

Ora gantalan suwe, pawongan sing nganggo klambi safari aweh aba-aba, "Satuuu.... duaaa.... tigaaaa!!" karo nglebetake gendera start.

Para peserta langsung nggeblas nuju garis finish. Ning ya kuwi mau, merga lagi jam 07.30, sing melu lari mung sethithik. Para peserta sing lagi wae teka kepreh-kepreh karo misuh-misuh, merga ora ngerti yen wektu start-e dijokake. Kabeh padha ngundamana panitia sing dianggep kurang koordinasi.

Sawenehe peserta ana kang nggoleki panitia kang jebul lagi rapat ing sekretariat. Anehe, bareng dikabari yen peserta wis dibudhalake, kabeh malah mbebeki, bingung semu ora percaya. "Sapa sing mbudhalake, apa Pak Camat??" takone ketua panitia.

"Dudu! Pokoke pejabat, mbokmenawa saka kabupaten!" katrangane peserta mau.

Kabeh panitia banjur mbujung menyang panggung. Lhadalah.... jebul wong sing dianggep "pejabat" sing mau mbudhalake peserta lomba lari, jebul lagi ngibing ngleter karo ngguyu lakak-lakak. Sakala kabeh ngerti yen wong mau ora liya wong setrip alias gendheng bin dhegleng!

Ketua panitia banjur nyengklak sepedha motore, ngoyak peserta sing wis kadhung berpacu dalam melodi... eh, lari. Bareng ketututan banjur dikabari yen sing mbudhalake start mau wong edan, kabeh padha semplah, lemes dhumes nganti padha ngglethak ana pinggir dalan. Kabeh nglokro lan wegah dikon mbalik melu start maneh. Lha piye, kadhung mlayu ngetog tenaga meh oleh 5 km, Iha kok strat-e dianggep ora sah!

Apa tumon, lomba lari durung wayahe diwiwiti kok peserta wis balapan merga pokale... wong gendheng! Ya sapa sing ora percaya, wong dandanane jian mlithit persis kaya pejabat pleg kae! He.. he... (Dhegleng - Solo)


GAGAL MERGA "BOM"

Wong sing wis gendheng (kedanan) togel pancen sok kaya wong gendheng temenan. Apa bae ditindakake supaya bisa oleh nomer tombokan sing sip. Contone kaya mas H. Embuh oleh wangsit saka ngendi, bengi iku dheweke nekad tapa kungkum neng kali cilik ngisor kana. Jare mas H, sasmita nomer jitu bakal ditampa jroning tapa kungkum mau.

Jam 22.00 mas H wis ambyur neng kedhungan kali, persis neng ngisor wot/kreteg cilik sing adate kanggo liwat wong menyang sawah. Awake tekan gulu ana njeron banyu, mung sirahe thok sing katon.

Jam 03.00 ndadak katon ketebange wong mlaku tumuju kali kono. Ora pati cetha sapa, wong petenge ndumuk irung, ning yen nonton prejengane, sajake Mbah K ya tanggane mas H dhewe. Sakawit mas H ngira mbah K arep tindakan, nanging, tekan tengah wot mbah K malah mandheg. Nyopot kolor kathoke banjur ndhodhok persis neng ndhuwur sirahe mas H.

Blaik! Wis cetha arep "ngebom , pikire mas H. Sadurunge mutusake apa sing kudu ditindakake, "bome" mbah K wis mlesat ndhisiki. Kepeksa mas H mencolot.

Swara kemrubyuk njalari mbah K kaget. "Hee, sapa kuwi?!" takone.

Nanging mas H wis mlayu nggendring tanpa kober nyaut klambine, mung koloran thok! Sedawaning dalan misuh-misuh entek amek kurang go-lek. Lha piye, wis limang jam kung-kum nganti kathuken, Iha kok tapane gagal gara-gara di"bom" mbah K!



TIWAS DIPLURUT...

PictureAgustusan wingi ing RT-ku kebawah kampung Ketandan Surabaya dianakake maneka lomba sing lucu-lucu. Ing antarane yaiku lomba "nggiring" neker (kelereng) kang dilebokake liwat njeron gulon klambi mengisor nganti tekan pucuk clana panjang, sabanjure diplurut munggah alonalon saka ngisor munggah tekan gulon klambi maneh. Sing paling cepet ngetokake neker saka gulon klambi, ya kuwi sing entuk hadiah.

Kejaba aku, Jojon kancaku uga melu lomba iki.-Lan kebeneran bareng diundhi Iha' kok pas dadi pasanganku. Aku wong loro sepakat, mengko sing dileboni neker Jojon, dene aku kebageyan "nggiring".

Pikirku ya mung gampang wae, jebul bareng lomba temenan lha kok angele setengah mati. Yen mundhune mono cepet, nanging munggahe, emboookk... bola-bali. ceblok. Perangan sing paling angel diliwati yaiku pas slakangan cedhak"cucakrawa". Kejaba nggone ruwet, sing duwe wilayah biyasane keri lan banjur ginjal-ginjal, mula ya pijer ceblok wae. Jojon wis takkandhani supaya anteng, nanging panggah wae krugetan.

Pas neker tekan nggon udel, Iha kok macet. Takplurut munggah ora gelem. Cilakane si Jojon malah bengok-bengok, "Athoo! Aja diplurut! Laraaa!!"

Piye ta bocah iki? Nek ora diplurut rak ora tekan-tekan ndhuwur Ian tegese ora menang! Ngono pangudarasaku. Mula tanpa maelu sambate sing ngaruara, neker terus wae dakplurut sarosaku. Eh, lha kok si Jojon tambah seru olehe bengok-bengok.

"Eh, ngapa ta kok inalah bengok-bengok?!"

."Aja diplurut, Ndhul, iku dudu neker!!"

"Lho? Lha apa??"

"Iku ngono udelku! Nekermu wis kawit mau ceblok!"

Masya Allah! Ya mesthi bae sing duwe kelaran, Iha wong sing dakplurut mau jebul udele si Jojon!
"Lha awakmu bodong kok gak kandhakanda, Jon!" ujarku.

Jojon mbungkem lambeku karo semanta, "Aja seru-seru! Iku rahasia perusahaan!"

Sidane aku wong loro ngguyu cekakakan ora sida neruske lomba. Wis bah-bahna kono, gak menang gak patheken! Sing penting udel bodonge si Jojon slamet gak sampek puthul! (Gogon-Surabaya)

 
Picture

Index
Hosted by www.Geocities.ws

1