Index

Picture



MENU PALING LARANG SADONYA

Kedadeyane isih gres, udakara rong sasi kepungkur. Sing ngalami sawenehe bupati ing Jawa Timur (ora arep daksebut kabupatene, mengko aku dijewer, he.. he..)

Wektu kuwi Pak Bupati R kondur saka tindakan nggawa plastik mlembung isi banyu. Neng njerone ana iwak siji gedhene satabokan tangan. Rupane semu abang, sisike ana kembangane memper kaya tulisan Cina.

Lagi wae manyuk lawang, ee... jebul wis dienteni tamu, pejabat ing Kabupaten kono.

Gandheng lagi ana dhayoh, Pak Bupati banjur nyeluk rewange (sebut wae jenenge Inem).

"Nem, iki iwak digawa nyang mburi!"

Inem mung manthuk kurmat karo nampani plastik isi iwak mau, banjur nylingker menyang pawon. Dene Pak Bupati terus lenggahan karo tamune neng pendhapa nganti surup srengenge. Gandheng wis manjing Magrib, tamune banjur diacarani sholat jamaah neng dalem kabupaten kono.

Bubar sholat, Bu Bupati aba yen dhaharan wis siap. Pak Bupati banjur ngajak tamune menyang ruwang makan.   
.
Nalika lenggah neng meja makan kuwi Pak Bupati kagete kaya disamber bledheg, jalaran menune bengi kuwi jan istimewa temenan... iwak panggang! Mula Pak Bupati gage ngundang sisihane.

"Bu, apa mau kowe tuku iwak?"

"Ora ki Pak! Jare Inem, ki mau bapak sing mundhut!"

Pak Bupati ora sranta ngundang si Inem, "Nem, sing mbokpanggang iki iwak ka ngendi?"

"La nggih ingkang bapak paringaken kula dhek wau nika!"

Krungu wangsulane Inem, Pak Bupati sakala lemes. "Adhuh, Nem... sing takgawa mau iku iwak Lou-Han (Lohan). Regane wae Rp 4,5 yuta... Lha kok malah mbokpanggang!"

Bleg! Sanalika Inem nggeblag semaput. Pak Bupati lan tamune temahan wurung ora sida dhahar. Kejaba ibut ngurusi Inem, uga ora mentala dhahar menu iwak sing paling larang sadonya kuwi.

Apa tumon, gara-gara kurang informasi iwak Rp 4,5 yuta dikongkon nggawa nyang mburi sing tegese dikongkon nyimpen sauntara, Iha kok malah dibetheti! (Narasoma Gunaraharja-Surabaya)


JENGKOL OH, JENGKOL!

Jare kanca-kanca, rupaku ayu. Yen ditandhingake karo Dessy Ratnasari ora kalah (ning yen tandhing panco, he.. he..). Kulitku putih mrusuh, saingan karo sapine Wak Dahlan. Ning ora kok, jujur wae rupaku pancen rada melek. Pokoke angger dipasang neng rubrik "Sing Njlonet" mesthi akeh sing naksir.

Mung wae aku duwe "penyakit" sing jiaaaan angel warase, yaiku penyakit dhemen mangan jengkol. Tumrap aku pribadi, ora ana panganan sing Iuwih nikmat kejaba semur jengkol. Aneh? Bisa uga mangkono. Nanging angger aku mudhik nyang ndesa, panganan nomer siji sing dakgoleki ya semur jengkol kuwi mau. Lan bejane awak, simbokku sajak wis tanggap karo seleraku. Buktine angger aku mudhik, semur jengkol mesthi wis sumadhiya neng meja. Asyik tenaaaan!!

Libur semesteran wingi aku ya mudhik. Tekan ngomah langsung mbukak tutup saji, mak jegagik... jebul menu kesayanganku ora ana! Kokine (simbokku) takgoleki, oo... jebul lagi masuk angin, ora kuwawa masak semur jengkol. Jengkole 1,5 kilo isih wutuh getuh neng lemari pawon.

Kepeksa aku ngaplo. Arep masak dhewe aras-arasen. Temahan bareng mangkat maneh nyang Surabaya, jengkol mentah sida dakgawa. Wadhahe? Ya bejane awak kancaku Kenthis titip tas apik sing ana rodhane kae. Ora lidok, jengkol taklebokake tas apik mau. Aman.

Bandha rupa kang "ora nguciwani" ditambah dandan mlithit, tur nggawa tas apik, sapa ngira yen aku nggawa jengkol?

Tekan stasiun Gubeng tas dakgledheg. Nyabrang jalan Pemuda lakuku "Pe-De" wae. Ndelalah pas sikilku arep munggah trotoar, Iha kok cuiiiiit... bres! Ana taksi nyrempet tasku, eh.. tase Kenthis. Brol... ora lidok jebol dhowah-dhowah. Lan, ya ampuuuun.... jengkole mbrodhol banjur wutah pating glindhing sadalan-dalan.

Sing padha weruh kaget, banjur padha ngguyu ngakak. Lan aku? Mestht wae mlayu nggendring. Apamaneh bareng karyawan Surabaya Plaza sing lagi padha bali padha alok, "He.. he.. ayu-ayu kok sangune jengkol!!" Wah, isinku jian ora ketulungan.

Playuku tambah daksengkakake. Wis ora perduli maneh priye nasibe tase Kenthis lan jengkol-jengkol kesayanganku kuwi. Langsung wae aku nyegat taksi banjur amblas menyang koskosan...

Ya awit kedadeyan mau aku kapok encit ora tau mangan jeng kol nganti seprene! Jengkol, oh, jengkol... (NurrySby)



GARA-GARA "NYA"

PicturePengalaman iki kelakon sawe tara taun kepungkur nalika durung krisis moneter. Manggon ing pingir dalan, tumata dagangan werna-werna. Ing pojok dhewe katon ana sing dodolan susu. Ya pancen wis dingerteni yen ing dhaerah kono ana peternakan sapi perah, mula banjur padha rame-rame dodol susu sapi.

Kanggo ngyakinake masyarakat, pas ing ndhuwur botol-botol susu dipasangi tulisan gedhi-gedhi, "JUAL SUSU MURNI"

Dina-dina bacute ana kedadeyan, sabensaben ana wong teka arep tuku, mesthi ngguyu klecam-klecem. Sing dodolan ora mudheng, nanging suwe-suwe ngerti sebabe. Yakuwi ana wong sing rada kurangajar, tulisan kae ditambahi "NYA", saengga unine dadi "JUAL SUSUNYA MURNI".

Pas kebeneran sore kuwi ana mbok randha enom jenenge Murni. Nalika arep takon rega, ndadak dheweke ndeleng tulisan kuwi. Ya mesthi bae muring-muring, ora sida tuku. Bakule diujar-ujari.

"Kok kurangajar temenan olehe ngenyek! Mosok susuku didol! Nggawe tulisan kok sakepenake udele dhewe!" grundele Murni karo ninggalake papan kono.

Sing dodolan senajan keweden meksa ora bisa ngempet guyu. Amrih ora dadi blai, tulisan kuwi didhunake. Wis, ora susah nganggo tulisan macem-macem, pokoke angger wong wis ngerti yen ing kono gawene dodolan susu.

Nganti pirang-pirang taun sing dodol bingung nggoleki sapa sejatine sing nambahi tulisan "NYA" sing marakake Murni ora sida tuku susu. Nanging ora ana sing ngaku.

Nembe minggu wingi kancaku Kas crita marang aku yen sing usil nambahi tulisan ora liya dheweke. Kas pancen pinter njaga rahasia.

Aku wong loro yen eling crita kuwi mesthi ngguyu latah-latah. Apa tumon, mung garagara tulisan "NYA" ana bakul susu dicelathu Murni entek amek kurang golek. (Agus Iswandriyanto-Lumafang).


 
Hosted by www.Geocities.ws

Picture

Index
1