Index


Picture

 

UNTUNGE KOK ABUH!

Esuk kuwi simbahku masak istimewa sing ora kabeh wong doyan: bothok laron. Sasi kuwi pancen lagi usum laron, lan wis dadi klangenane simbah, yen kebeneran oleh laron akeh mesthi dimasak bothok. Tumrape sing seneng, klebu aku, rasane jian nyamleng tenan. Ora kalah yen dibandhingake bothok lamtara utawa bothok simbukan.

Lagi wae diangkat saka dandang, putuputu wis ngepung wakul siap sarapan. Aku dhewe wis nyidhuk sega sakpiring munjung. Lagi arep pesta, ndadak ana wong kulanuwun. We Iha... jebul sing teka Pak Lurah. Lan wis samesthine, sawise ngandhakake apa perlune, Pak Lurah banjur dijak sarapan. Lha kok ya kersa wae. Kepeksa pestaku pindhah nyang pawon, dene Pak Lurah dhahar dikancani simbah.

"Lawuhe napa, Mbah, kok sajak istimewa?" takone Pak Lurah.
"Niki lo, bothok laron. Kersa tah njenengan?"

Pak Lurah ngincipi, "Wah, nikmat. Kula remen, Mbah" Wong loro banjur dhahar karo rembugan apa embuh aku ora nggagas.

Bubar dhahar Pak Lurah ngisis neng emperan. Nanging ora suwe banjur semanta, "Mbah, awak kula kok abuh sedaya, pripun niki, Mbah?"

Blaik! Sajake Pak Lurah alergi laron. Ora mung awake sing abuh lan gatel-gatel, dalasan pasuryane uga abuh. Malah mripate katon suthup nganti kanggo ndeleng wae repot.

Ing saat kaya mangkono iku ndadak Pak Carik rawuh, ngabari yen Pak Lurah saat iku uga supaya tindak menyang Kabupaten, ora kena wakil!

"La piye iki, awakku abuh kabeh jare??" ujare Pak Lurah. Ning gandheng jare urusan dhines sing maha penting, wekasane Pak Lurah budhal digoncengake Pak Carik.

Sorene nalika kondur saka kabupaten, Pak Lurah merlokake mampir menyang omahe mbahku.

"Mbah, maturnuwun, amargi khasiyate bothok laron, kula boten siyos didukani Pak Bupati !"

"Lho, nalare pripun, kok ngoten?" mbahku njuwowos bingung.

Pak Lurah ngguyu, banjur crita. Jare mau kabeh lurah sakabupaten sing pajege durung lunas dipanggil siji-siji banjur didukani entekentekan dening Pak Bupati. Lha bareng tekan giliran lurahku, Pak Bupati kaget. Merga priksa lurahku awake abuh kabeh, Pak Bupati ora sida duka. Malah didhawuhi kondur bae. Mesthi bae Pak Lurah senenge ora jamak, mula banjur ngaturake panuwun menyang mbahku.

"Untunge kok abuh, yen ora rak... wuwuse Pak Lurah karo ngguya-ngguyu.
Apa Tumon, digawe abuh kok malah matur nuwun. (Narasoma-Sby)


NGANTI MENDELIK

Ngombe obat yen salah aturane bisa mbebayani. Saora-orane bisa mendelik-mendelik kaya Mbok Cilikku. Ngene critane:

Dina iku Mbok Lik sambat lambene sariawan. Jarene lambene sing jeglong ana telung enggon. Yen kena asin'sethithik wae rasane jare kaya dislenthak jaran saking larane, kuwi jarene Mbok Lik Iho... Embuh apa wis tau dislenthak jaran temenan apa durung aku ya ra takon!

Merga Mbok Lik ihak-ihik wae, Mbakyuku grisinen, banjur Mbok Lik diceluk diwenehi vitamin C.

"Iki Iho X (nyebut jenenge merk vitamin C). Mboklik sariawan kuwi kurang vitamin C.

Tanpa takon apa-apa, vitacimin ditampani banjur Mboklik nylingker nyang mburi.

Ora gantalan suwe, saka pawon keprungu swara wong huek-huek kaya wong arep mutah kae. Aku banjur enggal mbujung nyang pawon. Tekan ngenggon... Ihadalah.. jebul Mboklik lagi mendelik-mendelik karo nyekeli gulune. Ing meja katon ana banyu putih setengah gelas, tilas diombe.

Cukat trengginas gulune Mbok Lik dakcandhak banjur dakurut-urut, nanging Mbok Lik panggah mendelik-mendelik karo tudingtuding njeron gurunge. Wah, genah klelegen iki! Batinku.

Miturut teori, jare wong klelegen kudu ditabok githoke. Temenan, githoke Mbok Lik daktabok sakayange. Plek! lan... Klothak! Ana barang bunder werna kuning mencolot metu saka tutuke Mbok Lik.

"Oalah.. kok kebangeten temen mbakyumu... Menehi obat kok gedhene semono ya ra klebu. Niyat arep mateni wong tuwa!" grenenge Mbok Lik.

"Hahh!! Dadi ki mau obate mbokun tal ta, Lik??"

"Lha iya ta ya. Jenenge obat ya diuntal, apa kon ngremus, lak gaber-gaber aku?!"

Aku nabok bathukku karo semanta, "Oalah, Lik, Lik. Iku mono tablet suplemen vitamin C. Kudune dicemplungake banyu sagelas nganti ajur, lagi diunjuk."

Takjelaske ngono, genti Mbok Lik sing mlongo. "Heh ngono ta? Mulane kok takuntal sereden nganti mendelik, lha wong gedhene semono. Ngono Iho aku ora dikandhani carane!" ujare Mbok Lik karo mrengut.

Apa tumon, lha wong tablet suplemen vitamin C sing gedhene meh sak dhuwit cring atusan gambar gunungan kok diuntal, ya cetha mendelik-mendelik! (Oryza-Klaten).


DIKIRA PESEN

PictureKancaku Mas H sawijining dina kangsen arep ketemu karo mitra lawase sing jenenge Mas R ing sawenehe restoran kawentar ing )akarta. Wong loro wis meh 20 taun ora ketemu, mula ya kangen banget.

Ringkesing kandha, wong loro sida ketemu temenan, rembugan gayeng. Ndilalah neng restoran kono lagi ana acara ulang taun, mula ya rame banget. Olehe omong-omongan kepeksa rada seru merga keganggu swara sound system,.

"Katanya kamu tinggal di Cideng ya, aku juga di Cideng RT 2, kamu RT berapa?" takone Mas H.

"RT sepuluh;" jawabe Mas R.

Merga mbarengi swara musik, Mas H ora pati krungu mula banjur ngambali, "RT berapa?"

"ER-TE SEPULUH!"wangsulane Mas R setengah mbengok.

Ora gantalan suwe ndadak ana pelayan teka nggawa teh sepuluh gelas. Mesthi wae wong loro bingung.

"Lho, siapa yang pesan?" aloke Mas R.

"Kan bapak tadi bilang, air teh sepuluh, gitu!" wangsulane pelayan emoh kalah.

Akhire Mas R ngerti yen wis kedaden salah prungon, mula banjur dijelasake yen mau ora muni, "Air teh sepuluh", nanging "RT sepuluh.

Kabeh banjur ngguyu kepingkel-pingkel. Apa tumon? (Guntari - Jakarta)



Hosted by www.Geocities.ws

Picture

Index
1