Index

Picture
 

KAWIT cilik mula Mas-ku ipe pancen senengane tirakat, nepi golek pager awak. Tamat SD ing Kebumen dheweke banjur ngumbara ing Lampung. Ing umur sing-isih bocah ikudheweke wiwit kepencut karo alam ghaib sing bisa nekakake apa sing ora ana ing alam nyata iki. Mangkono uga bareng dheweke mulih ing tanah Jawa. Mbuh pira bae wong pinter-sing ditekani lan_ dikawulani minangka guru, kawit saka Banten, Cirebon, Klaten, Banyuwangi, Blitar Isp..Mulane ora nggumunake nek dheweke banjur oleh akeh "sangu". Senajan mangkono dheweke ora duwe sifat Ian rumangsa adigang adigung adiguna. Kepara nek ana sing mbutuhake pitulungan dheweke bakal tetulung tanpa pamrih.

Awaling taun 80-an bareng wis rabi entuk-mbakyuku Mas Achmad (sebut bae mangkono) ya Mas ipeku kuwi lunga transmigrasi sakulawargamenyang Irian. Akudhewe wektu semanaasih cilik mula ora bisa meruhi kepriye sabanjure. Ning bareng ketemu-ing Kalimantan aku ngerti nek Mas Ahmad entuk maneka barangbarang,"antik"arupa watu malih warna,keris, guci kuna sing-wis semp ll, wesi kuning Ian mbuh apa maneh.

Ing antarane barang-barang 'antik' mau ana siji sing paling fenomenal Ian jarang keprungu jenenge yaiku "Mustika Ian Kumala lipan" , utawa jarene wong Jawa 'Buntet Klabang'. Apa ta buntet klabang iku. Buntet klabang yaiku buntet sing gedhene sakdhele kuning Ian dumunung ing endhas Ian buntute klabang sing dudu sembarang klabang. Anehe senajan warnane putih bureng kaya putihe endhog, ning nek direndhem 'beninge' padha karo banyu utawa kadhang abang utawa kuning.

Mustika Ian Kumala Lipan iku satemene olehe wis sawatara taun kepungkur. Wektu semana Mas,Ahmad mbeneri lagi semedi ing makam Kutai Lama, Tenggarong (Kalimantan Timur). Dumadakan ana klabang saksikile wong dhiwasa gedhene nyedhaki,dheweke kanthi-rada alon-alon.n sandhuwure keramikk makam Sang Raja. Marga dikira iku klabang biasa karo Mas Achmad banjurr disingkirake nganggo pang kang garing. Si klabang raseksa klakon regamang-regamang mbalik asale mlebu bolongan wit pakis gedhe sacedhake papan kono.

Bareng karo ilange klabang ana swara wong tuwa gemonthang gawe ngungune mas Achmad . Le Leee .. . Jare kowe kepengin entuk rejeki gedhe. Lha iki mau wis dakwenehi malah mbok usir. Kamangka ing Nuswantara iki mung ana pitu. Ning aja cdik ati. Ing tlatah ii isih ana si)i maneh yakwi ing kilo 40 dalan Samarinda tumuju Bontang .

PictureTenan ora suwe saka kedadeyan iku Mas Achmad gegancangan nekani. panggonan sing ditudhuhake swara ghaib ing makam Raja Kutai Lama. Kanthi;,migunakake mata batine dheweke nemokake panggonan sing digoleki. Sawijining panggonan- sing mujudake sisaning alas sing wis tau dibukak utawa dibabat, Sing karimung sawatara wit-witan gedhe Ian gegrumbulan ketel. Ya ing sangisore wit gedhe sing dhoyong Mas Achmad banjur semedhi.

Kaya sing wis dijanjekake klabang raseksa teka maneh. Tanpa tidha-tidha Mas Achmad enggal nyekel klabang iku. Mesthi bae klabang mau budi sarosane karo mulet-mulet nggubed tangan. Sepisan iki Mas Achmad bingung maneh. Bageyan endi sing mujudake "rejekine". Wusana dheweke rnutusake mbedhol penthilan loro sing dumunung ing endhas lan buntute klabang. Nek dideleng sakeplasan lelorone penthilan sakdhele mau ora pati ketara merga warnane padha karo kulite klabang.

Ning bareng wis dibedhol nganggo kuku warna dadi putih kaya putihe endhog pitik. Mak lap! Bar dijupuk mustika (ing endhas) Ian kemala (ing buntute) klabang raseksa musna. Nganti sawatara wulan khasiyate mustika-Ian kemala lipan durung diweruhi. Mung nek dilebokake banyu sajroning gelas mustika lan kemala ya buntet klabang katon bening utawa kuning Ian abang kaya sing wis diandharake ing ngarep. Lan saben-saben disilih wong sing keluargane lara utawa purik, Ielara mau banjur waras Ian sing purik rukun Ian mulih maneh.

Wewadi mau tetep mujudake wewadi- nganti sawijining dina Mas Achmad lagi ngilang-iling mustika Ian kemala karo lungguhan ing iawang dhapur. Kaya apa kagete bareng mustika ditrawangake ngarah Mbak Parni bojone sing lagi masak katon wuda blejed! Kamangka wektu semana Mbak Parni nganggo sandhangan kaya wong lumrahe nek lagi masak kae. Luwih nggumunake maneh bareng ditrawangake menyang tembok. Katon ngegla Trisna anake ing njaba lagi penekan wit jambu. Kamangka antarane Mas Ahmad sajrone dhapur Ian Trisna ing njaba kaling-kalingan tembok.

Mbuh sapa sing ngabarake sedhela bae kehebatane Mustika lan Kumala Lipan wis sumebar saindhenge Kalimantan Timur. Kehebatan iki banjur digandhenggandhengake karo judi. Ajamaneh kertu, Iha wong tembok bae tembus je, mangkono rerasane wong akeh.

Tenan, wong kawitan sing ketarik Ian niat menehi 'mahar' kanggo 'nglamar' buntet kekarone yaiku juragan Cina ing Bontang wektu semana dheweke lagi crita ngalor ngidul karo Mas Achmad sing wusanane nggepok bab mustika Ian kumala lipan. Saking kepencute abreng wis nyoba dhewe kanthi migunakake kertu jitak (domino utawa gaple kandel saka plastik) dheweke gelem masrahake dhuwit 300 yuta Ian truck cacah telu. Ning merga ana tetimbangan tinamtu buntet ora dipasrahake.

Ilang siji teka sepuluh. Bareng pepenginane si juragan Cina mau ditulak teka maneh wong-wong liyane. Mangkono sateruse ora ana lerene. Penulis dhewe sing nembe teka Sulawesi kerep melu-melu ngawal barang mau bareng Mas Achmad dhewe Ian sawatara kancane. Sing lucu kerep kedadeyan kaya ing film-film pembajakan bis utawa pesawat kae. Mung bedane ing film kanthi cara kasar Iha sing iki kanthi cara alus merga pancen antarane sing mbajag lan sing dibajag sethithik akeh duwe piandel sing ora katon (kejaba penulis dhewe). Upamane kaya nalika lagi ngenteni jemputan saka pihak A, dumadakan wong-wong kongkonane B teka ndhisiki Ian nggondhol aku sarombongan. Ing satengahe dalan ndilalah kepethuk mobile pihak A. Kuwatir 'buronane' lolos, mobil sing ditumpaki wong-wonge A mbuntuti saka kadohan.

Ning eman, senajan nek lagi dienggo dhewe karo Mas Achmad ora ana apaapa ning nek ngepasi dijajal wong liya utamane wong-wong kapercayane calon pemilik anyar kerep mlesed. Jarene Mas Achmad merga ing antarane wong mau ana sing duwe niyat ora jujur. Ing tembe mburi penulis nembe ngerti nek sing diarani 'wong kapercayan' mau jebul perantara utawa luwih cethane 'makelar'. Ooo Iha ya layak... .

Wis ta pokoke ora entek-entek crita ngenani transaksi-transaksi' mau. Durung maneh ngenani 'perantara' sing mbebayani merga meksa kanthi cara kasar Ian jahat. Alhamdulillah Mas Achmad sing uripe sarwa pas-pasan kala semana bisa ngatasi tanpa kekerasan tur wicaksana.

Mahar sing maune mung atusan yuta rupiyah munggah karepe dhewe saka penawar tanpa dijaluk. SIng pungkasan malah ngancik 40 milyar rupiah barang! Ning sadurunge kasil 'dipinang' penulis kadhung nyebrang mulih menyang Jawa. Lan nganti saiki Mustika lan Kumala Lipan isih dicekel mas Achmad.

Sing dikarepake mas Achmad satemene dudu gedhene mahar sing sak hohhah kanggo kepentingane pribadhi, ning bisaa antarane sing menehi mahar lan perantara padha jujure. Lan nek bisa mahar sing ditampa bisaa ngangkat panguripane Mas Achmad dhewe, wong-wong kinasih Ian sakiwa tengene sarta perantara sing wis gedhe lelabuhane. (Sugiyono).



Picture

Index
Hosted by www.Geocities.ws

1