DOSEN ANYAR
SABEN taun ajaran baru, mahasiswa kudu dhaftar ulang lan milih kelas endi sing arep dileboni. Amarga sisteme cepet-cepetan, dadi sapa sing cepet, dheweke sing oleh dhosen sing dikarepake. Ana salah siji dosen sing anyar jenenge Pak Johan. Dosen iki tergolong anyar amarga bar diwisuda taun 2000. Dadi ya akeh mahasiswa sing durung ngerti wonge.
Kancaku sing aran Ida wektu semono ngalami kedadeyan sing lucu. Dina iku Ida karo kancane lagingisi form dhaftar ulang. Wektu arep ngisi pilihan kelas, dheweke maca jenenge dosen sing ditawakake. Bareng tekan jenenge Pak Johan, Ida takon marang kancane, "He, sing jenenge Pak Johan kuwi sing endi ta?"
Kancane nyauri : "Pak Johan ta, kuwi kan dosen anyar. Tapi aku ya ora weruh sing endi wonge kok. Takon mas Agung wae".
Sabubare kancane nyauri, Ida takon marang mas Agung, "Mas, sing jenenge Johan kuwi endi ta?"
Ujug-ujug mas Agung njawab nganggo swara sing banter, "Han, Johan, iki Iho awakmu digoleki arek-arek. Kuwi Iho wonge, Da!" Dheweke muni ngono karo nuding arek sing lungguh ing ngarepe komputer. Bareng ngerti yen ing kono ana Pak Johan, Ida langsung kisinan lan ndhingkluk ora wani nyawang Pak Johan. Dene kancane Ida lan wong-wong sing ana ing kono padha ngguyu kabeh. Pak Johan ya mung ngguyu wae.
Dhasar dosene bar diwisuda, dadi pacakane ya memper mahasiswa. Lan tibake Pak Johan iku kancane masAgung dhewe, dadi masAgung ya ora sungkan-sungkan muni kaya ngono mau. (Lintang- Tulungagung).
PILIH NUNTUN
AKU duwe tangga, dicekak wae asmane PakJ. PakJ kuwi tindak-tanduke kadhang kala pancen nggawe esem lan guyu wong. Kaya sing dialami udakara telung taun kepungkur, nalika Pak J lagi wae duwe sepedha motor anyar.
Critane ngene, wektu kuwi pak J dolan menyang omahe Pak K anggone dolan sengaja nggawa motor amarga sinambi nglanyahake carane numpak motor. Bareng ketemu Pak K, anggone ngobrol jian ... umek tenan. Saengga ora krasa yen srengenge wis angslup pratandha wayahe wis ngancik wengi. Sidane bubar Maghrib, PakJ pamit mulih. PakJ sing lagi ajar motor kuwi bingung nalika arep nguripke lampu. Nanging dhasare PakJ kuwi wonge gengsian tur wegah takon amarga isin, Pak J ora kurang akal. Montore nekad wae ditumpaki tanpa lampu. Untunge kuwi isih ing dalan kampung, saengga ya ora pati kuwatir mlebu selokan utawa nabrak wong amarga akeh penerangan saka lampu sing dipasang ing saben ngarep omah.
Tekan dalan gedhe, udakara telung atus meter saka omahe Pak K, pak J bingung maneh, arep ditumpaki wae apa dituntun. Ora tambah bingung plrye, dalan sing arep diliwati iku rusak ora penak diliwati, aspale wis padha nglothok, kari watu sakepelan tangan tur akeh jeglongane. Apamaneh kudu ngliwati bulak sawah sing dawa. Kuwi sing marahi mudhun kuwanane.
Motor sing wiwit mau ditumpaki saiki bali dituntun. Saben-saben pethuk wong liwat yen ditakoni alesane kentekan bensin. Ngono ... terus, nganti tekan omah. Mesthi wae garwane sing ngerti motore dituntun banjur takon. " Piye ta Pak, kok motore dituntun, rusak pa?"
Kanthi santai, pak J wangsulan, "Lha wong aku ora bisa nguribke lampune (berko), tinimbang nyemplung sawah ya mendhing dituntun".
"Lho kok ora takon karo Pak K"
"Aku arep takon carane iye ya isin".
Apa tumon, amarga mung ora bisa nguripake lampu, kok ya milih nuntun motor udakara sekilo adohe. Apamaneh ngliwati bulak dawa. Untung wae ora dicegat wong akal. Pak J ... Pak J ... (Gino T - Cilacap).
LARA DHUWIT
KANCAKU jenenge Pak Waluyo, lagi bae blajar mijet. Karepe ngiras-ngiras dadi dhukun pijet. Bengi kuwi Pak Waluyo ketekan kanca rakete, Suwari, sing sambatan lara ngelu. Disambati kaya ngono, Pak Waluyo kandha yen bisa mijet.
"Jajal aku pijetana. Sapa ngerti waras tenan", Suwari njaluk tulung.
"Ayo kene, merema takpijetane" Nuli Pak Waluyo mijeti bathuke Suwari, ngurut-urut nganggo drijine. Sawatara suwene Suwari kenaken. Kanca sakloron kuwi padha crita macem-macem. Banjur Pak WaIuyo kandha, "Sik ya, aja melek-melek. Tak golekke plester, ben ndang waras.
Terus Pak Waluyo mlebu kamar njupuk dhuwit plastik atusan ewu ditelesi karo lem cair. "Menenga ya, tak templeki plester mujarab sing ampuh tenan", kandhane Pak Waluyo.
Bathuke Suwari sing ketemplekan dhuwit atusan ewu kuwi diurut-urut dening Pak Waluyo. " Piye rasane, enak ta?" pitakone Pak Waluyo.
"Iyaj enak tenan. Aku wis ora ngelu maneh", aloke Suwari.
"Wis, wis. Ndang meleka" Suwari melek, banjur mbukak plester plastik sing nemplek ing bathuke. "Lho, kok dhuwit ..." Suwari kisinan.
"Awakmu iku gak ngelu, Ri. Tapi, lara dhuwit. Yaiku, lara amarga gak duwe dhuwit"
"Iya pancene. Aku mau esuk ditagih utang, durung isa nyaur" Suwari ngguyu karo kisinan. "Dhuwit iki tak-pek kanggo aku ya"
"Pek-pek-en kono, ning ya mben disaur! Awakmu iku macem-macem ae. Wong gak gableg dhuwit kok kandha ngelu", wangsulane Pak Wlauyo, dhukun anyaran. (Agus Iswandriyanto - Lumajang).