Rebo Wage, 30 Juni 1971.
AM telu esuk, nalika Mas Wir ya isih ngorok, aku wis tangi. Wudu, sholat subuh. Rasa mangkel marang Mas Wisyo kang mbedhodhog ing atiku isih nggem buleng. Ora mangkel piye, lha wong dhuwit adol pari sawah lor kae dak jaluk kanggo tuku kebutuhan pawon bae ora entuk.
"Dhuwit lehe adol pari sawah lor kae ra usah dinggo apa-apa, arep dak nggo dhewe," omonge Mas Wirya sing dakrasa sengak. Biasane yen ngo mong Mas Wirya ki mesthi ora keri mesem. Nanging sepisan iki kok ora, mbesengut, katone nesu. Lo salahku apa? Dosaku apa? Dakgoleki, kapan aku salah. Kok ora ana! Lagi ana apa, mas Wirya iki? Pitakonan iki wis ana telung dina manggon ana ing atiku, nanging tetep ora ana jawabane. Aku arep takon, suthik, wegah. Aku dhe we wiwit ngandhut bayi sing nomer loro iki, sering ana rasa seje marang tindak-tanduke Mas Wirya. Aja-aja, ah embuh sing penting esuk iki aku kudu lunga. Embuh menyang endi, mengko yen mas Wirya isih tresna marang aku mesthi bakal nggoleki.
Lawang omah ngarep daktutup rapet, ora dakkunci. Latar ngarep isih katon peteng. Sikilku jumangkah menyang ratan, dumadakan mbuh saka ngendi asale ana sunar cumlorot ing sangarepku. Aku bingung. Bingungku durung ilang, dakrasa ana tangan alus ngelus-elus pun dhakku.
"Ayo ndhuk mangkat mumpung isih esuk," tangan alus iku jebul astane ibu. Ana rasa tidha-tidha. Du rung rampung olehku tidha-tidha, tanganku wis digeredibu. Aku manut bae. Antara eling lan ora sikilku ju mangkah mangetan. Ibu terus nggan dheng tanganku.
"Ndhuk, mengko saka Pasar Ker du, terus ngetan menyang Pasar Pur balingga, biyen aku tau janji marang kowe arep dakjak menyang Pasar Ker du lan Pasar Purbalingga! Pancen aku ndhisik nalika aku durung dadi bojone Mas Wirya tau janji arep ngajak aku menyang pasar loro mau. Nanging durung kelakon ibu gerah, bahjur seda. Dadi ibu ora menangi aku dadi manten karo Mas Wirya. Lo saiki kok ngajak aku, apa aku ngim pi. Lengenku dakjiwit krasa lara.
"Aja mikir dawa ndhuk, sing pen ting kowe bisa ngoncati bojomu!" Kandhane ibu kaya-kaya ngerti apa sing dadi angen-angenku.
Tekan pasar Kerdu, durung ana wong dodol apa maneh wong tuku. Ibu aba-aba marang aku supaya te rus mlaku ngetan kanthi nggan dheng tanganku kenceng, kenceng banget. Pasar Kerdu - Pasar Purba lingga dakrasa ora nganti 5 menit. Kok cepet temen, mangka dalane isih watu cilik-cilik pating cringis. Ibu olehe tindak bisa cepet banget, Mas Wirya tau crita yen Pasar Kerdu -Pa sar Purbalingga karo dhokar bisa nganti setengah jam.
Pasar Purbalingga senajan isih esuk katone wis tumawon. Mligine bakul-bakul sayur, ibut ngladeni sing tuku, akeh-akehe bakul kulakan. Ibu nuntun aku menyang los iwak.
"Ayo, ndhuk milih iwak apa, kowe ki seneng iwak bandeng. Wetan kae ana iwak bandeng". Aku ngetan, iwak pindhang bandeng ditata tharik-tha rik, narik ati. Aku dhewe pancen se neng iwak bandeng pindhang.
"Kula tumbas sakilo mbak?" ba kule kang daktukoni meneng bae. Kaya ora nggape ma rang aku. Dakbaleni ambal ping telu tetep ora nggape. Mula, kira-kira dhuwite cu kup dakseleh sanga repe bakule. Aku njupuk limang iji terus lunga.
Saka Pasar Pur balingga ibu ngajak aku ngetan, liwat alun-alun, kawe danan, Kodim, Ta man Maera Kaca. Ana ing sacedhake kreteg kali Klawing ing desa Bancar ibu ngajak aku lungguh.
"Sur, yen kowe luwe, iku iwake pin dhang bandeng dipa ngan ngiras kanggo sarapanl" iwak bandeng lima sedhela engkas wis gusis dakpangan dhewe. Aku gumun, biasane ana ing omah aku entek siji, iku bae digoreng utawa dipelas dhisik, kanggo lawuh sega. Ibu daktawani ora kersa.
"Sur, mengko kowe arep dakjak nlusuri kali Klawing, ngidul, mula saka iku nyampingmu dandanana rada mendhuwur sethithik!" Aku nyampingan jarik barong isih rada anyar, jarik sing ditukokake Mas Wirya sabubare panen tela sawah wetan.
Sajrone nlusuri kali Klawing ibu crita yen kali Klawing sering ana wong sing kendhang. Ora mung amarga kagawa bajir, nanging uga amarga nganyut tuwuh, utawa dipa teni nguwong.
"Yen kowe kepengin weruh gam bare wong klelep, wong keli, coba re neya!" ibu ngusap raiku ping telu, te rus dikon ndeleng menyang tengahe kali. Sisih wetan kono ana pasangan remaja, maune runtung-runtung.
Rangkulan sedhela. Nalika sing la nang lagi limpe sing wadon nyem plung kah. Singdanang melu nututi.
"Iku gambare bocah lanang wa don kang lagi kalimput asmara, na nging ora entuk palilah saka wong tuwane kabeh Sing wadon iki anak rewange wong tuwane sing lanang." Ing isih kidul kono ana wong wadon dicemplungake kali, sawise dibungkus karung.
"Iku gambare wong wadon sing dipateni sing lanang, amarga ora rila yen sing lanang arep rabi maneh" kandhane Ibu. Isih akeh maneh se sawangan satengahe kali Klawing iku, ana bayi abang dibuwang ibune, ana uga wong lagi mancing klelep amarga ngoyak kepise sing tiba nang kali.
Saya ngidul saya adoh, ibu kaya ora duwe sayah. Mula dakwanek-wa nekake aku takon, "Ibu, kok ora ka gungan sayah, kesel, pa piye?" Ibu ora cepet njawab, malah paningale manther, nyawang aku. Nanging su we-suwe kersa mesem.
"Ndhuk, ngene kowe uga bisa ka ya ibu, gampang bae kok, kowe kudu maca tasbeh, subhanallah, sing se ring ping pira-pira kena, sing ikhlas lillahi ta'allah!" Pesene ibu dakturut. Nyatane aku ora ngrasa kesel lan luwe.
Tekan desa Muntang srengengene wis rada dhuwur. Kreteg ril sing malang kali Klawing saka lor wis katon. Ibu uga crita, yen ing kreteg iku se ring ana wong sing nganyut tuwuh kanthi sengaja nabrak sepur sing liwat. Jalarane pirang-pirang, ana sing kekurangan ekonomi, kape dhotan tersna, lan uga marga kaci lakan sing murni.
Saka kreteg ril ibu nggered ta nganku, mlaku urut ril arah ma ngulon. Tekan stasiun Banjarsari kebe neran ana bis man dheg, aku lan ibu melu bis tekan Soka raj a.
"Nhduk ra sah mbayar, dhuwitmu simpenen," dhuwit sing njupuk sebage yan saka adol pari lor desa maune arep kanggo mbayar bis, daklebokake dhom pet maneh. Anehe kondhekture me neng bae, nalika ngliwati aku karo ibu. Aku ora dijaluki bayaran.
Ana ing Sokaraja aku weruh tanggaku sing lagi nggered wedhus. Pak Napin. Maune aku arep takon Pak Napin sing tukang pan theng (calo) wedhus nanging ibu ora oleh.
"Ndhuk, takon nggo apa, wong iku ora weruh kowe, senajan kowe weruh wong iku!" Lo, apa aku wis mati, se pisan maneh aku njiwit lengen ta nganku, kok ya isih lara.
"Ndhuk kae ana bis jurusan Ci lacap, ayo melu!" tanganku digered ibu. Bis `Muncul' wis kebak penum pang. Bis jurusan Purwokerto - Kroya - Adipala - Cilacap penumpange uyeluyelan padha ngadeg. Sambat kepa nasen. Dumadakan ana wong alok "Copet, copet, copet!" Wong wadon umur-umurane 40 taunan, dhom pete ilang. Aku weruh sing nyopet. Yaiku pawongan gedhe dhuwur, brengose njlanthir. Medeni. Sawuse njupuk dhompet sing ana tase ibu iku, kanthi cepet diulungake kanca ne sing ana mburine.
Dening ibu aku diwenehi kode su paya, njotos pawongan sing diulungi dhompet wong brengose njlanthir, ora dakpikir dawa tanganku kumlawe, wong mau sambat "Adhuuuhhh!" kelaran. Dhompete mencelat, mendhuwur, penumpang liyane padha alok. "Iki copete, iki copete!" Bis mandheg greg. Wong sing nggawa dhompet, dicekel terus dijo tosi wong akeh. Anehe wong sing brengose njlanthir uga melu njotosi. "Kapokmu kapan!!" Mbuh priye na sibe tukang copet mau, aku ora ngerti sebabe kanthi trengginas ibu nggered aku ngadohi bis mau, pa rane ngidul. Kira-kira 200 m, ana gumuk dhuwur, bareng dakcedhaki jebul kaya gunung cilik. Apa iki sing jenenge gunung Srandhil?
"Iya iki sing arane gunung Sran dhil, Sur!" ibu nyandhak tanganku, terus dituntun munggah undhakundhakan sing kaya andha sing digawe saka tilas ril sepur.
Ana ing punthuke Gunung Sran dhil sing dhuwure udakara ora ku rang saka 100 meter, ana wong sing lagi semedi. Meneng, tangane sedha kep. Sirahe ndhingkluk, kaya wong ngantuk. Ing sisih tengene ana pa dupan sing dhuwure meh sameter. Kembang mawar sumebar ana sace dhake pedupan mau.
"Ndhuk, Sur, Suryati, wong kae wis oleh sewelas dina, olchc ora ma ngan ora turu. Dheweke lagi nggayuh kepengin dadi dhukun sing cespleng. Coba delengen sisih kidul ndhuwur kae, ana pawongan uga lagi tapa wis oleh selawe dina ora mangan ora ngombe. Dheweke lagi duwe maksud, supaya anak turune dadi wong sing kepenak uripe. Mangka salah siji puterane wis ana sing dadi Bupati ing Sulawesi!". Saemutku mbiyen ibuku ora pinter crita, kok saiki dadi pinter, malah bisa. ngerti atine wong liya.
"Sur, saiki wis meh surup sre ngenge, bengi iki kowe turu ana pun cake Gunung Srandhil iki, sesuk esuk dakjak menyang Igir Selok, iku lo, katon ana kulon kae!!" Igir Selok katon ngregemeng, ireng, dakdeleng angslupe srengenge uga menyang wetenge Igir Selok.
"Ndhuk maca tasbeh!" Aku maca subhanallah mbuh ping pira, ngertingerti srengenge wis ana wetan kono. Dhuwure wis satumbak. Jebul aku turu, mangka sangertiku nembe li mang menit bae durung ana.
Kemis Kliwon, 1 Juli 1971.
Gunung Srandil - Selok ngliwati alas kagungane Perhutani. Adohe udakara 1 kilometer, Gunung Srandil kebawah desa Glempang Pasir, dene Igir Selok melu desa Karangbenda. Kecamatane padha Adipala. Alas kang isih ijo royo-royo ditanduri maneka warna, ana wit jati, damar, sing narik kawigatenku yaiku wit dhondhong. Akeh. Pas nedhenge pa dha woh. Menyang ibu aku nyuwun dhondhong mau. Kaya-kaya enak. Apamaneh aku lagi ngandhut.
"Ibu, aku nyuwun dhondhong kae!" mripate ibu mentheleng semu duka.
"Sur, aja iku dhondhong alas, ra sane gatel!". Aku mung ngulu idu.
Ana ing Igir Selok aku dijak ibu menyang omah gedhong cekli. Cete putih bersih. Mestere gilap. Kanan keringe uga rinumat, tumata, thariktharik. Kekembangan maneka war na. Hawane seger.
"Iki sing aran Jambe Pitu, Sur!!" Ibu crita yen Jambe Pitu iku pang gonan sujarahan. Akeh-akehe sing teka para priyayi. Pegawe, pejabat, malah sering pejabat tinggi negara padha kersa rawuh. Dalan menyang Jambe Pitu uga dimester. Iku jarene ibu sumbangan saka pejabat pro pinsi sing kasil nggayuh sedyane.
"Sisih Lor kono ana pasujarahan maneh aran Jambe Lima, sing padha teka, wong dagang, tani, buruh". Ibu ngajak aku menyang guwa, arahe ngalor ngulon ngliwati Jambe Lima. Guwa iku jenenge Guwa Bolong. Ing papan iku uga akeh padupan. Panggonane ora patiya karumat. Katon reged. Saka kono terus ma ngalor. Ana weweangunan kaya mes jid. madhep ngetan, ibu crita yen panggonan iku diarani Kaindran.
"Sur sing rene iki werna-werna, pegawe, tani, dagang" jarene ibu akeh-akehe sing padha sujarah menyang Kaindran akeh sing padha sukses. Padha sugih, mligi sing pegawe kudu duwe pakaryan sam ben. Kayata tani, dagang ora kena mung mligi pegawe, ibu ngelingake mung akeh-akehe padha mangro tingal, kejaba nyembah marang Allah, uga padha percaya yen sing bisa nyugihake iku Kaindran.
"Iku kleru Sur, sing bisa nyugih ake iku Gusti Allah, linambaran usahane manungsa kang tumemen mugen, ora wedi kangelan gemi nastiti!" Wih, ibuku pinter dadi kyai.
Saka Kaindran, ibu nuntun aku mlaku ngulon nlusuri kali, mbuh kali apa, menggak-menggok pungkasane menyang segara. Ombake gedhe, swarane gemrubyug, angine midid, pancen hawane seger, senajan sre ngenge wektu semono sumunar taj em.
"Ing pesisir kene, Sur, dhek jaman penjajahan lan ontran-ontran taun 65 kanggo ngubur wong-wong sing ora dosa. Ana sing dikubur mung sirahe, sikile, kanthi wengis, sadurunge mati wong ora dosa iku di siksa, disiya-siya, muga-muga suk maneh ora bakal kedadeyan kaya ngono. Oh, Sur, iki meh wengi ayo padha munggah maneh menyang Igir Selok, liwat Guwa kae. Sisih kulon guwa Nagaraja, wetane guwa Ratu, wetane maneh Guwa Rahayu. "We ngine sawise maca tasbeh mbuh ping pira, aku les turu kepati. • (Ana Candhake).*

| |
 |