Index

Picture
 

PictureKEDADEYAN kang dakcritakake iki sejatine bener-bener ana, nanging dialami dening kancaku kang aran S lan keluwargane kang manggon ing Tulungagung tepate ing daerah Bago. Sepisanan aku dolan ana omahe aku wis krasa yen omahe kancaku S lan keluwargane iku katon ana sing ora beres.

Kahananing njero omah iku sansaya mlebu sansaya peteng, lan singlu. Lokasi omah iku sejatine   ana pinggir dalan kang rame lan etungane isih klebu kuthane Tulungagung. Dadi ing wayah awan lan wengi tetep isih rame kendaraan sliwar-sliwer ana ngarep omah.

Sing arep dakcritakake iki ngono sakjane akeh banget nanging dakjupuk poin-poin sing penting wae. Wewadi iki wiwit kawiyak dening aku sabubare S nikah karo bocah wadon kang aran Ns tangga desa, ing wulan Desember 2002 kepungkur sing ndadekake NS ora krasan ana omahe mara tuwane iku. Ing sawijining wengi S lan NS kang lagi mapan turu ing njero kamar keprungu swara thok thok ing njaba kamar, kaya swarane meja dithuthuki. Ns banjur ngajak S bojone, nggoleki apa sing ganggu olehe turu iku. S ngira yen iku obahe kipas angin, nanging jebule kipas angine ora diuripake. Wiwit dina iku Ns wiwit ngrasakake yen ing omahe maratuwane iku ana sing ora beres.

Ing dina candhake nalika Ns lagi umbah-umbah ana mburi ngarepake Maghrib, lawang pawon kang digawe saka seng kaya ana sing nuthuki, breng.... breng. Sanalika iku uga Ns mlayu mlebu omah.

Kedadeyan'kang kaya ngono iku sejatine wis diweruhi dening keluwargane S kabeh. Sing ngalami kedadeyan kaya ngono iku ora mung Ns wae, nanging meh sak omah kabeh nate- nemoni kedadeyan kang kaya dialami dening Ns.

S dhewe uga tau ngalami kang ora tinemu nalar. Dheweke lagi adus wengi ing jeding ndilalah, tugelan selang (dalan banyu) kang ana ndhuwur olehe adus mencolot dhewe kanthi banter terus nyemplung jedinlg. Kedadeyan iku uga dialami dening Tj bapake S kang uga lagi adus ing dina liyane.

Ganggu gawene uga ora wayah bengi wae, nanging ing wayah awan, Tj bapake S ing njero omah tau mlaku rumangsane yakin yen dheweke simpangan karo anak mantune kang aran Yn (mbakyune ipe S). Nanging bareng ditoleh jebule ora ana, lan jebule Yn turu ngeloni anake ing njero kamar.

Wewejudan kang memba-memba ngana iku uga dialami dening S dhewe. Nalika iku S arep nglebokake sepedha motor menyang njero ornah. Dheweke weruh wewujudan ibune kang aran Dj lagi turoning ngisor lan nyawang. S kang arep nglebokake sepedha motore. Sawise nglebokake sepedha rnotore wewujudan sing memba ibune mau ilang saka pandulu.

lng liya dina S lagi turu ana ngarepe TV kang wis dipateni lan larnpu ornah uga wis dipateni. Dumadakan sikile S kaya dicokot kewan galak. Sakala S njengkirat kaget dheweke melek, lan weruh kewan kaya tikus nanging mlakune nemplok ning tembok kanthi miring. Sabanjure dheweke weruh wewujudan bocah cilik ngadeg ing ngarepe. Kamangka dheweke ora duwe adik. Mripate S dimelek- meremake wujud iku tetep ana. Kaping telu olehe melek merem, banjur wewujudan bocah iku mau ilang saka pandulu.

Kedadeyan aneh maneh dialami dening Ts mbakyune S. Dina iku keluwargane S padha ta'ziyah menyang keluwargane embahe S kang tilar donya ing daerah Jepun. Ts ora melu ta'ziyah amarga dheweke tunggu omah dhewe. Nalika Ts lagi menyang pawon dheweke weruh dhewe tremos isi banyu ing dhapur miring kanthi alon-alon banget, saengga banyu kang ana njerone tremos mau kutah dhewe. Yen kesenggol tikus ora mungkin, sebab olehe miring mau kanthi alon-alon nganti banyune kutah.

Kedadeyan kang heboh maneh malah nalika keluwargane S mirsani acara "Misteri Gunung Merapi" ing TV. Nalika keluwargane S kumpul mirsani acara TV iku, ndilalah lawang antarane ruang keluwarga lan dhapur iku mbukak nutup dhewe kanthi seru lan suwe.

Nalika kedadeyan-kedadeyan kang aneh kaya mengkono iku digoleki sebab musababe, S crita kanthi blaka. Omah keluwargane iku tinggalane mbahe S saka. bapake. Embahe iku kang kabare menehi tumbal marang omahe iku. Saengga omah kang diwenehi tumbal kaya mengkono iku malah ndadekake ana lelembute kang krasan manggon ana kono, amarga tumbal mau ibarate panganane, utawa caos sesaji marang lelembut kang ana omahe S sakulawargane. Wallahu'alam bi shawab. (Aris Budi Susanto)*


Hosted by www.Geocities.ws

Picture

Index
1