SIGNIFIKAN
KAYADENE ing seje panggonan, kanthi anane bebadan anyar sing arane Badan Perwakilan Desa (BPD), ing desaku BPD ne uga sregep nganakake rapat-rapat. Kahanane desa dirembug sarana asas musyawarah wakil-wakile masyarakat desa ing BPD.
Wengi iku ana rapat BPD, nanging Pak Kades ora teka jalaran lunga adoh. Sing kajibah makili Pak Kades, ya mesthi bae Pak Carik, pawongane kalem, prasaja nanging pinter Wayahe Ketua BPD waeh sambutan, dheweke mratelakake, "Oleh karena Bapak Kepala Desa saya rasa sudah tidak signifikan, maka kepada Bapak Carik sebagai yang mewakilinya . . . "
"Interupsi ... " durung nganti mbacutake sambutan, wis ana anggota BPD alok-alok, "Apa yang saudara Ketua BPD maksud Kepala Desa kita sudah tidak signifikan?!"
Clingak-clinguk Ketua BPD sing uga ketua partai pemenang pemilu ing desa kuwi kebingungan olehe arep mangsuli pitakonan anggotane. "Wahhh ... saya rasa ... daripada bapak Kepala Desa memang tidak bisa menghadiri rapat ini.. ," dheweke coba-coba aweh katrangan.
"Interupsi..."anggota BPD kae alok-alok maneh, "Jadi yang saudara Ketua maksudkan tidak signifikan itu tidak hadir??"
"Ya, memang begitu/ah," mangkono wangsulane, anggota-anggota BPD, peserta rapat padha ndhomblong.
'Interupsi ... " anggota BPD protes maneh.
'Jadi, begini saudara saudara, " pak Carikmeksa nyelani, 'Artinya bdaksignifikan itu memang bukan tidak hadir. ..."
Sakala adha gerrr ... ngguyu kepingkel-pingkel swarane peserta rapat. Ana sing alok, "Lha wong ndhak ngerti artine signifikan kok macem-macem". (Agus Iswandiryanto - Lumajang)
HP-NE "NYETRUM"
WIWITAN taun 2003, ing dhaerahku lagi usum wong padha gandrung Handphone. Ya sing pegawe, wiraswasta lan liya-liyane. Kabeh tuku HP, kebinggalan jaman. Kalebu tanggaku Pak Budi uga wegah ketinggalan. Pak Budi sing nyambut gawe ing sa/ah sawijining instansi pemerintah kuwi tuku HP sing gress tenan. Pancene bisa tuku, dhompete kand% mesthine ya milih sing isih anyar Sawijining dina, Bapake Pak Budi kepengin nyilih lan mirsani sing jenenge HP kuwi kaya ngapa.lenenge wae karo wong tuwa, Pak Budi ora kabotan yen HP-ne disilih. Nanging Pak Budi lali, yen HP-ne isih aktip, apa maneh nada panggile nagnggo getaran, dudu musik. La iki sing dadi malapetaka.
Lagi dicek dumadakan ana sing ngebel Pak Budi. Karuwan wae Bapake Pak Budi kaget, amarga mak bedunduk ana getaran saka HP sing rasane jare kaya setrum. Amarga kaget, kanthi spontan HP diuncalake karo mbengok, "Adhuh ... HP-ne nyetrum!"
Pak Budi ya ora kalah kaget weruh HP-ne diuncalake lan tiba mak 'prak'.
Karo njupuk HP, Pak Budi takon,"Pripun ta, Pak kok HP-ne diuncalake?"
"Nyetrum, HP-ne nyetrum, Bud!", semaure bapake pak Budi.
"Kuwi dudu nyetrum, nanging getaran minangka tandha ana wong sing arep nelpun.
Saiki genti Bapake Pak Budi sing mlongo. Sawise dijupuk, HP dicoba diaktifake. Lha kok ora aktif Dibaleni ya tetep ora gelem aktif Kesimpulane, HP rusak lan wekasane Pak Budi tuku maneh. (Gino T - Cilacap). *
"PESAWATE" KOBONG
RIKALA tanggal 5 Juli 2003 durung suwe iki, ing SDN 5 Malasan Trenggalek nganakake rapat sekolah ngadhepi dhaftar ulang PNS. Agenda kang dibahas sakliyane dhaftar ulang PNS uga penerimaan rapot lan kenaikan kelas, rekreasi lan uga kebersihan lingkungan sekolah. Salah siji asile rapat, penjaga SD (Pak Nur) diutus mimpin kerja murid-murid kerja bakti jalaran sampah ing mburi sekolahan wis numpak.
Temenan, minggu candhake murid-murid klas I - VI padha cancut tali wanda padha makarya bebarengan. Ana sing mbubuli suket, ana sing dhangir, ana sing resik-resik lumut pager tembok. Dene pak Nur kebagian ngobong resek kang numpuk ana mburi sekolahan.
Watara jam 09.00 wib resik-resik wis rampung, Pak Nur atine rumangsa marem amarga sekolahane katon resik. Karo udut pak Nur leyeh-leyeh ana ngisor wit akasia, karepe arep leren ndadak ibu kepala sekolah nimbali, kautus mundhut jajan kanggo acara arisan PGRI.
PakNur langsung budhal menyang warunge pak Beno Talok, karo ngesaki korek jres rong wadhah. Ora antara suwe jajan wis entuk, banjur kapasrahake bu Sri Utami kepala sekolah.
Nanging sadurunge masrahake jajan, ndilalah kersane ngalah, korekjres kang ana njero sak clana mau natap senggot lawang kantor, mak jress ...! Murub keluk-keluk ngono. Mesthi wae dadi bingunge bapak ibu guru kang lagi padha arisan.
Bu Siswati bengok-bengok, " Udah.. udah pak Nur, clanamu plorotna genine ben mati."
Kanthi ora sadhar pak Nur mak blejet wuda temenan, katut sak kathok njerone pisan. Makgerrr ... ! guyune bapak ibu guru sakala ambrol.
Lha sapa wonge ora ngguyu weruh adegan gratis. Ana sing cluluk, "He pak Nur, pesawatmu ora kobong?"
"Mboten Ibu..."karo nekem anune.
Bareng ditliti dening guru Ipa, penthol korek gesekan karo penthol liyane bisa ndadekake kobong. Awit korek rong wadhah mau kobong kabeh mula sak clana uga melu kobong, nganti mlonyoh ing cedhak 'pesawate'. (Sumar - Tnenggalek)*