
Sulardi, 31 taun, warga desa Kethelan,
Kecamatan Banjarsari, Solo tau ngalami lelakon
kang;nganeh-anehi, Priya sing-sedina-dina
makarya dadi srati gajah iki dikabarake kalap
telung ndina merga diglandhang dening
peri kang mbaureksa Kreteg Senggol
menyang alaming lelembut.
Critane kawiwitan rikala malem Jemuah Kliwon, limang taun kepungkur. Nalika kuwi Sulardi nedya budhal mancing menyang Kali Tirtonadi. Sadurunge mangkat kaya biasane Sulardi wis nyepakake pirantine wong mancing kaya dene walesan, pancing lan senar. Ora lali topi pet sarta tas kresek isi jadah goreng, limpung, branggang lan banyu aqua ing botol gedhe. Nyamikan-mau bakal dipangan sinambi nunggu umpane digondhol iwak.
Jam 4sore Sulardi-pamitan bojone. Kebeneran nalika kuwi Wartono, 42 taun, kanca nunggal kampung sing uga maniak mancing pas ngampiri. Akhirewong loro budhal mancing bebarengan kanthi mlaku sikil. Saka omahe Sulardi menyang. Kali Tirtonadi jarake udakara 4 Km.
Satekane ing papan kang dituju Sulardi Ian Wartono banjur padha gglek enggon ing sangisoreKreteg Senggol sing ora adoh karo pintuair: Kreteg Senggol kang nyambung kampung Nusukan lan Gilingan iku sawijining kreteg sing cilik tur ciut. Diarani Kreteg Senggol jalaran'nek pinuju simpangan mesthi senggolan bokong.
Rehne umpane ora tau disaut, Wartono mutusake ngalih enggon sing rada adoh karo papane Sulardi. Dene Sulardi isih sabar tetep ana:ngisore kreteg'najan satemene umpane'uga ora tau disaut. Wektu kuwi wancine wis nyedhaki wana surup. Ora suwe karoJungane Wartono, dumadakan Sulardi krungu swara undang-undang jenenge.
Bareng ditoleh Sulardi sumurup ana sawenehing wanita ayu nganggo sandhangan sarwawungu lan nyangklong tas ireng ngadeg ing'sandhuwure Kreteg Senggol.
"Praupane ayu, kulite resik lan dedege sedheng. Umur-amurane likuran lah," kandhane Sulardi wektu ditemoni PS ing omahe.
Nulak Panganan
Bareng ditlesih wanita kasebut ngaku sawijining penyanyi campursari. Dheweke arep nekani job-ing omahe wong duwe gawe nanging ora weruh alamate. Rumangsa welas, Sulardi nyaguhi ngeterake. Kaya kena hipnotis, sanalika Sulardi nglalekake pakaryane sekawit. Dheweke mung kaya kebo dikeluh nalika digandheng wanita mau. Sedalan-dalan wanita mau crita ngethuprus bab kariere minangka penyanyi campursari.
MiturutSulardi, rumangsane dalan sing diliwati saya peteng Ian rumpil. Nanging wusanane lakune tekan sawijining omah joglo kang direnggani lampu-lampu pating kencar. Ing platarane omah mau didegi tarub....Tamune mbanyu..mili ora ana pedhote. Katon banget yen sing duwe omah pinuju duwe gawe. Instrumene musik irarna campursari keprungu cetha ing,kupiinge Sulardi.
Ing gapurane pasamuwan rinengga reroncening janur lan tundhunan gedhang raja. Pekarangane jembar gilar-gilar kebak kajang kabuntel tarub sinangling dekorasi kang nengsemake. Ora watara suwe keprungu unine musik campursan minangka pambukaning acara.
"Aku terus digandheng wanita ayu mau mblusuk menyang panggung nyedhaki para penyanyi liyane. Aku dikongkon lungguh cedhak tukang ngendhang", critane Sulardi.
Sajroning lungguh mau Sulardi katon ngungun nyawang sragame para penyanyi campursari mau. Rupane padha kabeh, ndhuwuran wungu nom lan ngisorane wungu tuwa slempangan slendhang wama jambon. Ugelugel tangane padha nganggo arloji cilik. Wanita ayu sing nggandheng Sulardi mau banjur tampil kanthi nembangake lagu langgam "Ngimpi" Ning sing gawe gumune Sulardi, sajroning nembang wanita mau uga nyambi njoged. Kathik jogedane keladuk ora cundhuk karo wirama musike sing alus.
"Lumrahe penyanyi campursari mono rak anteng", ujare Sulardi.
Nalika lagune durung rampung ketungka tekane para peladen nyugatakake panganan Ian omben-omben sing sarwa enak. Panganan mau kabeh sarwa nganggo daging, dene ombene bangsane bir, susu, the, kopi Ian rucuh degan. Rampung anggone nyanyi wanita mau ngakon Sulardi supaya ngrahabi suguhane. Sulardi kaya wong blangkemen ora bisa mangsuli. Ning bareng dicablek pupune Sulardi lagi bisa mangsuli.
"Aku wis wareg ", ngono semaure.
Sapandurat Sulardi kelingan karo anak bojone. Nalika dheweke lagi mikir-mikir apa sing lagi dialami ujug-ujug wanita ayu mau nyedhak kanthi praupan kebranang. Dheweke nesu jalaran Sulardi babar blas ora gelem ngicipi suguhan. "Nek ora gelem mangan utawa ngombe Iuwih becik penjenengan bali wae aja neng kene", panyentake wanita mau.
Sulardi banjur menyat. Nanging dumadakan dheweke dijlongkrokake nganti tiba kejlungup. Bareng ditamatake swasana kiwa tengene wis owah babar pisan. Ora ana campur sari utawa regenge wong duwe gawe. Nanging mara-mara Sulardi wis tiba klumah ing ngisore Kreteg Senggol ora adoh karo pintu air.
Tanpa ngguwang wektu Sulardi gegancangan mulih. Tekan ngomah Sulardi dipapag anak bojone karo nangis. Ujare bojone, Sulardi ilang patang ndina nganti kulawarga lan tangga teparone padha melu nggoleki. Malah ana sing mara menyang omahe paranormal barang kanggo nyarawidekake dununge Sulardi. Sulardi mung plonga-plongo bareng dicritani yen ilange wis patang ndina. Mangka rumangsane anggone lunga mung sewengi.
Manut katrangane Wartono, rikala diparani ing panggonane mancing Sulardi wis ora ana. Mung tinemu ubarampe mancng Ian sisane nyamikan. Wartono kober nggoleki kanthi nlusuri Kali Trrtonadi ngandi radius rong kilo saka anggone mancing. Rehning ditunggu nganti parak esuk tetep ora katon irunge, Wartono banjur lapuran marang kulawargane Sulardi.
Sabubare kedadeyan kuwi Sulardi Ian Wartono nglereni hobine mancing. Sulardi trima nekuni pakaryane dadi srati (pelatih) gajah. Nanging lelakong limang taun kepungkur mau ora bisa dilalekake engga seprene. (Dewi Setyowati)