Picture

DAKKIRA KRETANE...

Gegambaran ing pangangen-angen bocah cilik sabarakanku, kali iku tuke mesthi neng gunung Merapi lan anjoge ing segara Kidul. Kerep krungu critane bapa-biyung utawa mbah-mbah bab Mbok Mina--kang sugenge sakpantaran jaman mbah-mbah canggah. Sawijining esuk Mbok Mina macak mlithit mangkat saka omah ninggalake desa nyangking sapu sada mlaku magita-gita. Saben wong kang papagan asung pitakon, nanging ora ana kang diwangsuli. Eloke, nganti seprene Mbok Mina ora bali. Sebab musabab ilange Mbok Mina kuwi ora nate kawiyak. Nanging jarene mbah-mbah, Mbok Mina ilang sawise diulemi dikongkon rewang dhanyange gunung Merapi kang lagi duwe gawe.

Crita bab Mbok Mina, dhanyange Merapi, ditambah legenda Nyai Rara Kidul kang sok tindak menyang Merapi nitih kreta kencana liwat kali, kabeh cumithak kandel kraket kelet ing pikirane bocah-bocah sabarakanku.

Ing sawijining dina, kapinujon konsentrasi mbuwang sesuker ing Kali Pelang, aku krungu swara rame kemrincinge klinthing jaran, binarung kethoprak-kethopraking sikil jaran pirang-pirang. Nalika semana aku ijen ing tengah kali kang jembar. Atiku kari samenir. Wah, wis mesthi aku bakal diangkut dening rombongan kang ndherekake kretane Nyai Rara Kidul. Mesthi klakon kalap digawa menyang Merapi, temah ilang tanpa tabet kaya musnane Mbok Mina, ngono pikirku.

Ing kahanan wedi banget, aku gage nyaut slempang kathok monyetku, daksawetake pundhak, banjur mlayu ngiprit mulih.

Tekan ngarep omah jebul kancaku wis therek-therek neng ndhuwur pager pinggir dalan karo gumyak alok kanthi lelagon, "Mantoeeen, toeen! Njupuk keris kleru gandhen! Toeeen, Mantoeeen!"

Ooo, jebul ana wong sugih ngarak manten. Dakdeleng ana andhong telu kebak wong lan sepasang penganten liwat ngarep omahku. Sakala sirna mirising atiku, dhestun malik grembyang dadi bingar banjur ambyur ombyaking kanca-kancaku.

Oalah, merga crita bab lampor, bregada prajurit lelembut kang ngawal Nyai Rara Kidul kang kala-kala liwat kali Pelang, njalari aku ora wawik dhisik saka anggonku buwang hajat! Ning rak aku biyen isih cilik, temah ora bakal dadi baya! Uga mokal yen ta bakal malih dadi dinosaurus.... (Den Wid-Sleman)



ANJING ADA!

Crita iki wis lawas banget, nanging arep daksimpen dhewe aku kuwatir mengko gek dadi udun! Mulane aluwung daktulis neng PS wae ben entuk honor. Lho, apa hubungane udun karo honor? Wis embuh! Pokoke critane lucu!

Wektu kuwi aku mriksakake si Bleki, asu pudel kesayanganku kang nandhang sawenehe lelara. Mbuh lara apa, sing jelas dudu flu, wong aku gak tau ruh si Bleki wahing!? Dakpriksakake nggon dokter hewan, disuntik, terus diwenehi resep kon nebus neng apotik.

Jenenge wae demi si Bleki yang kusayangi, bubar ngulihake Bleki nyang ngomah, aku enggal nyengklak GL-Pro (genjot langsung prothol, eh maksude sepedha pancalku) sing wis tuwa tumuju apotik KF. Tekan ngenggon, emboook, sing antri mbuntut ula, kathik ula sawa pisan, dadi duawaaa... banget! Kepeksa resep daklebokake loket banjur aku melu-melu antri. Ana sakjam-an nanging jenengku ora diceluk-celuk. Mula banjur daktinggal tuku bakso.

Satengahe ngemploki pentol, keprungu petugas loket celuk-celuk nganggo wadhah kandha (speaker), "Anjing! Ada nggak Sdr Anjing?!"

Aku mung mringis. Ing batin aku ngguyu, he.. he.. wong kok jenenge Anjing?? Beknawa jeneng Cina, An Jing, ngono bekne? Batinku karo nyamuk-nyamuk ngemplok penthol made in lokal. Ning kok petugase celuk-celuk terus, "Anjing! Ada nggak yang namanya anjing!?"

Gragap! Mak nyut, aku kelingan yen aku mau nebus resep kanggo si Bleki. Gak salah, iku mesthi resepku!

Kanthi gugup aku mara nyang loket karo kandha, "Anjing ada, Pak!"

Gerr!! Sakala wong sak apotik ngguyu ger-geran. Petugase takon maneh, "Betul nama anda Anjing??"

Kadhung isin, dakjawab wae, "Iya, Pak. Anjing" karo njegigis obat daksaut, dakbayar, terus mlayu ngeciput metu saka apotik iku.

Isih keprungu guyone sing padha antri, "Arek ngantheng-nggantheng kok jenenge anjing? Hi..hi..!". Tobaaat, raiku dadi kaya kobong saking isine!

Dampuuutt...! Yok apa iki mau, doktere nulis jeneng neng resep kok Tn Anjing?? Ning... ya pancene bener, resepku rak saka dokter hewan lan kanggo anjingku si Bleki. Ora salah yen diceluk, "Anjing!" Ning gandheng sing makili aku, mula sing diceluk "Anjing" ya aku!

Apeeeeeess! Weruha ngene si Bleki takkon budhal dhewe iki mau! (dhegleng-sby)



NULUNG MENTHUNG

PictureJaman KKN neng Wonogiri aku duwe crita lucu. Sing ngalami kancaku, sebut wae Jenenge Jes. Jes kuwi pawakane gedhe dhuwur tur gendhut pol, bobote wae 97 kg! Nanging bocahe lucu tur enthengan tandang gawe, saengga kancane akeh.

Sawiji dina Jes weruh Pak Lurah lagi mbongkar payon kandhang sapine sing wis amoh, arep diganti nganggo damen (wit pari) anyar. Weruh lurahe repot ora ana sing ngrewangi, Jes cancut taliwanda.

"Kula rencangi mbongkar, Pak!" ujare Jes karo masang andha. Pak Lurah ora kuwawa menggak, merga Jes wis mak pethekel munggah nyang blandar. Bebarengan kuwi keprungu swaya kriyet.. kriyet! Lhadalah, ragangan kandhang kang wis gapuk sajake ora sanggup ngampah bobot awake Jes sing pancen kelas berat, mula banjur goyang.

Kanca-kanca KKN wedok sing nonton saka ngisor jerit-jerit, "Jes, mudhun Jes!! Kandhange arep ambruk!"

Jes pucet. Sikile gemeter. Niyate arep mudhun malah dhengkelen. Pak Lurah ya mung mrecing-mrecing karo cekelan usuk.

Ndelalah ana angin rada gedhe. Kandhang kaya diyun ngiwa nengen, pungkasane rekatak.. grobyakk!! Ora suwe rubuh temenan!

Awake Jes lan Pak Lurah kruntelan pating glinting ketindhihan payon. Begja ora ana sing tatu abot, mung lecet-lecet.

"Sepuntene, Pak. Kandhange... rubuh..;' wuwuse Jes karo nyremimih, rumangsa salah.

Pak Lurah mung mesem, nanging mesem ketjuuuuuut!

Apa tumon, niyat nulung malah menthung! (Palgunadi-Surabaya)


 
Picture
Hosted by www.Geocities.ws

1