Index

Picture
Picture
 

PictureNGGONE Sukra nglakoni kung kum ana ing tempurane Kali Sa Iak wis entuk telung puluh sanga dina, mengko bengi kungkum sing pung kasan dilakoni Sukra kang niyate nglakoni kanggo mrihatinake kahanane pangurip ane sing tansah kesrakat paribasan dina iki mangan sesuk kudu pasa. Sukra ba nget welas yen nyawang kahanane anake loro sing kurang gizi semono uga ka hanane bojone, wis awake kuru mripate uga cowong amarga kurang anggone mangan uga saka abote anggone mikir anggone arep nyaur utang kang wis pi rang-pirang sasi mung disemayani. Asile saka adol janganan ora bsia dijagakake mesthi wis entek kanggo butuh saben di nane, nanging bojone Sukra pancen wa nita kang banget bekti marang guru lakine lan ngerti marang kahanane Sukra. Dhe weke sawijining wanita prasaja kang kebak rasa nrima, senajan kahanane kaya ngono nanging dheweke ora ngresula lan ora nyucuh sing lanang, malah tansah mbombongi Sukra supaya ora kendhat anggone usaha nggolek gaweyan.

Sukra dhewe bisane mung ndedonga supaya oleh gaweyan gumathok kanggo ngowahi garis nasibe kang banget nre nyuhake. Ora kurang anggone nglamar gaweyan ana ing ngendi papan, kabeh semaya yen ora ana Iowongan. Dheweke ngrumangsani tilas bromocorah sing biyen tansah ngrugekake wong akeh. Dhe weke nate diukum wolung taun penjara minangka panebus tumindake anggone bola-bali ngrampog.

Wis telung sasi iki anggone metu saka pakunjaran nanging dheweke durung entuk gaweyan sing gumathok, Sukra ngrumangsani manawa disirik masyarakat ing kuthane. Sukra wis nyoba mraktekake anggone ajar ketrampilan ing pakunjaran biyen yaiku gawe sapu duk, gawe kesed lan sapanunggalane, nanging kabeh ora tau payu didol senajan garapane alus lan apik. Kabeh. sasate padha kepengin nge dohi Sukra.

Sukra dadi sansaya jibeg pikire ya amarga kudu ngopeni anak lan bojo sing dadi tanggungjawabe minangka kepala keluarga. Sing dadi tamba atine, Sarti mi nangka bojo kang setya tuhu marang gu ru lakine tansah mbombongi Sukra su paya tawakal ngikhlasake sakabehe ma rang Gusti Kang Murbeng Dumadi, meng ko yen wis teka wancine Gusti mesthi pa ring pepadhang. Atine Sukra banjur rada ayem lan tentrem.

Dina lumaku kanthi cepet wis ngancik patang sasi Sukra metu saka pakunjaran meksa durung oleh gaweyan kang bisa dijagakake. Kahanan kaya mau ndadek ake Sukra sambat marang Sing Gawe Urip. Kanthi nelangsa Sukra nekad turu ing paleremane lan Mboke sing wis swargi. Saking kesele Sukra nganti ketu ron, lagi sakleran anggone turu, Sukra rumangsane ditemoni Pak lan Mboke ngadeg jejer nganggo klambi Jawa sarimbit.

Ujare Pake, "Le, ngger Sukra, kowe sing tatag aja nglokro kabeh kuwi mi nangka tebusan anggonmu tumindak kle ru yakuwi undhuh-undhuhane. Nanging yen 'kowe niyat temenan bakal tobat lan arep ngowahi panguripanmu, kowe kung kuma ing kali salak kang pemahe ana tempuran kali sing iline saka gunung Lawu, mangkono ujare bapake.

Sukra nglilir sawise keprungu adzan Subuh saka langgar wetan pasareyan. Age-age Sukra tangi lan ngaturake panu wun marang Gusti Allah sing paring pe padhang marang dheweke kanthi lanta ran Pak lan Mboke.

Ya ing wengi iki wengi kang pung kasan kanggone Sukra nglakoni kung kum. Wengi sing wis dianti-anti Sukra. Ndilalah mbulan rada kesaput mendhung angendanu kaya-kaya bakal nyuntakake udan deres banget, kahanan dadi peteng lan sepi. Nanging Sukra wis gembleng tekade kanggo mungkasi laku ing wengi iki. Sukra dhewe sejatine durung bisa ngira-ira bakal ana kedadeyan apa kang bisa ngrubah marang panguripane. Dhe weke mung pasrah marang Gusti Allah.

Nalika nglakoni kungkum godhane pancen ana-ana wae. Kungkum ing dina wiwitan ora ana apa-apa, nanging ngan cik dina kaping pitu saka rumangsane Sukra kali banjir gedhe kanthi swara ba nyu banjir bandhang kang gumuruh nerjang sakabehe sing bakal diliwati. Sukra sing nedheng-nedhenge kungkum kaget, dheweke dadi gugup lan kepengin mentas, nanging batine kelingan apa kang wis diniyati, Sukra ora sida mentas. Nanging banjir kang dienteni tekane ora teka. Ora ana banyu bandhang liwat, mung swarane wae kang mbrengunguk kaya swara atusan tawon.

Ngancik dina kaping pitulas Sukra ru mangsa digubet ula kang gedhe banget kanthi sisik kang pating kerlop. Ula kuwi ancang-ancang arep nguntal Sukra, cangkeme ula kuwi mangap amba kanthi abab kang arus nduleg irung. Awake Su kra wel-welan amarga keweden, nanging gandheng wis diantepi lan pati uripe wis dipasrahake marang Gusti Kang Maha Ku wasa, Sukra meneng wae nganti cang keme ula gedhe mau wis meh nguntal dheweke. Sukra panggah ora obah, ban jur clap ula wis musna saka pandulune.

Bubar malem kaping pitulas mau go dha kang abot dirasakake Sukra. Sing arep dipangan baya, uga ing ngarep ang gone kungkum ditunggoni macan kang siap mangan dheweke, ana uga wanodya ayu sing tansah ngglibeti Sukra lan nga we-ngawe Sukra saka pinggir kali supaya Sukra mentas anggone kungkum.kabeh mau bisa diliwati Sukra kang wis antep tekade anggone arep nutugake kungkum nganti patang puluh dina. Nganti tekan ing dina kaping te lung puluh mung gah Sukra rumangsa ana kang tansah na rik sikile supaya mlo rot lan katut iline banyu. Sukra pijer ora obah mung tenagane raket gondhe lan oyod wit-witan kang ana sapinggire kali. Kabeh kedade yan kuwi nyata kang gone Sukra. Dhe weke tetep meneng mung lambene ndre mimil ngalimahake ayat-ayat karo nyu wun pangayomane Kang Maha Kuwasa.

Nganti tekan ing malem patang puluh iki Sukra isih nge nam pikire apa kang bakal kedadeyan sing baku dheweke wis ikhlas marang sakabehe kang bakal kedadeyan, bakale mulya apa bakale mati katut iline banyu Sukra wis antep anggone arep nglakoni. Satengahe manekung, dumadakan ing tengah kali ana ombak gedhe lan katon ana cahya padhang kaya thathit kang mla ku nyelaki anggone Sukra kungkum. Cah ya padhang mau saya suwe saya gedhe, banjur katon wewujudan kaki-kaki kang nganggo sandhangan sarwa'seta. Ing asta tengene kaki mau ngasta bokor saka seloka lan ing asta kiwa nggawa teken mawa ukiran ula.welang-rveling sing mri pate abang kaya murub mencorong. Kakikaki mau ngganda wangi kesturi kang arum banget lan durung tau diresepi de ning Sukra. Wangine jan nyegerake lan marakake awak sing maune lungkrah dadi entheng, Sukra ora wani nyawang kakikaki mau, amarga pancen sorote kaki-kaki mau mblerengi mripate.

"Ngger, Sukra sira wis kasil nglakoni apa kang dadi panebuse anggon sira kepengin urip kang kebak berkahe Gusti, yaiku urip kang ayem tentrem lan tansah oleh pangayome Gusti. Ingsun dadi lan taran paring berkahe Gusti marang sira, iki ing asta ingsun ana bokor saka seloka kang bakal ingsun wenehake marang je neng sira. Mung welingku kaki, sira aja nglalekake apa kang dadi larangane Gusti Allah lan sira kudu nindakake apa kang dadi dhawuhe Gusti kang dadi sesembah anmu lan uga kang nitahake sliramu urip ning ngarcapada iki. Ngger, Sukra mana wa wis kelakon apa kang dadi sedyaning uripmu sira aja lali marang sapadha-pa dha titah, senenga weweh marang wong kesrakat lan aja nguthik-uthik kamulyane wong liya, wis saiki ingsun bakal ma ringake bokor iki marang sira. Ngger, Su kra, ulungna tanganmu kanggo nampani bokor iki":

Sukra age-age ngulungake tangane karo isih ndhingkluk,bokor kuwi ditampani Sukra nganggo tangan loro, sepisanan nampani bokor kuwi tangane Sukra krasa panas nanging dening Sukra dikuwatkuwatake. Saya suwe panase bokor mau ilang banjur malih anyep kaya nyekep ken dhi kang isi banyu. Kaki-kaki mau banjur mlaku ngedohi Sukra lan ilang ana ing tengahe tempuran. Sukra banjur kreng kalan mentas saka kali.

Tekan ngomah enggal ngaturake pa nuwune marang Gusti Kang Maha Kuwasa kang wis paring berkah arupa bokor tem baga. Sawise ndonga Sukra mbukak bokor. Kaya ngapa kagete bareng weruh ing njero bokor ana priyasan emas kang wujude macem-macem, ana kalung, gi wang, gelang lan sapanunggalane. Sepi san maneh Sukra sujud syukur ngaturake panuwun marang Gusti Allah kang wis paring berkah kanggo dheweke lan kula wargane. Dheweke njupuk mas-masan sacukupe banjur bokore disimpen ing jero lemari.

PictureEsuk kuwi uga Sukra mangkat me nyang kutha saper lu adol emas, ban jur niyate arep tuku alat pertukangan lan uga kebutuhan kulawargane tanpa kangelan, mas-ma san mau payu kan thi rega kang ma remake. Sawise cu kup butuhe blanja alat-alat tukang, Su kra mampir me nyang toko pakai an. Rampung milih sandhangan kang go anak bojone Su kra ora lali mampir warung tuku lawuh.

Dina iku dadi wi witane kulawarga ne Sukra napaki di na-dina anyar. Sukra wiwit mbukak usaha mebele. Limang taun lumaku kanthi cepet Sukra wis dadi juragan mebel kang nampung tenaga ker ja saka inrarga desane. Saben rong ming gu mesthi ngirim menyang Ibukota kang go nglayani pesenane toko-toko mebel ing kana. Sukra wis ora nate nggunakake mas-masan kang ana ing njeron bokor. Dheweke nduweni prinsip yen kebutuh ane kudu dicukupi dhewe, ora mung nja gakake mas-masan saka bokor wae, dadi senajan ing bokor ajeg ana mas-masane Sukra ora mung thenguk-thenguk nanging nyambut gawe kanthi temen. Sawise kecu kupan butuhe dheweke uga ora nglalek ake sakabehe dhawuhe Kakikaki kang menehi bokor. Kabeh dilakoni kanthi ikhlas.

Esuk kuwi kaya biasane sawise shalat Subuh Sukra lungguhan ana teras ngo mahe karo ngombe kopi kang wis dica wisake, Sukra mikir marang impene mau bengi saka rumangsane kaki-kaki kang menehi bokor seloka ing tempuran Kali Salak nemoni dheweke banjur paring dhawuh marang Sukra, "Ngger, Sukra sira wis rampung anggon sira diwenehi pitulu ,ngane Gusti saka lantaran bokor seloka kang ingsun paringake marang jeneng sira. Sira uga kuwat nglakoni apa kang dadi dhawuhe Gusti lan ngedohi saka behe larangane Gusti. Saka iku Gusti ba kal paring pangayoman marang jeneng sira. Bokor seloka ingsun asta bali, wis cukup ingsun aweh pangandikan marang sira. Ingsun njaluk pamit".

Sukra gumregah tangi banjur niliki bokor seloka kang disimpen ing njero le mari. Bokor isih ajeg ana kono ora owah sithik-sithika. Sukra nutup lemari banjur ngenebake pikiran. Dheweke wis ikhlas manawa bokor selokane dikersakake bali merga pancen Sukra dhewe wis sauntara suwe ora nggunakake mas-masan saka bokor seloka mau. Kabeh kebutuhane bisa dicukupi nganggo hasile usaha mebel.

Lagi sengkud nyambut gawe ndadak ketungka marang pawongan kang uluk salam. Jebul sing teka Joko, si Raja Tega, kanca kenthele ing Komplotan Glathi Pe rak dhek biyen. Rada ngagetake, jalaran Joko saiki uga wis insyaf. Dheweke uga nyambutgawe ing sawenehe pabrik me bel. Gandheng ketemu kanca lawas Sukra karo tamune padha jagongan gayeng na kokake kabare kanca Iiyane. Saking gayenge anggone crita, Sukra ketrucut crita mula bukane dheweke bisa usaha mebel kanthi cara babagan bokor seloka. Joko sing maune nedya pamitan sawise ngram pungake urusan orderan dadi ketarik ma rang critane Sukra lan melik marang bokor kang dicritakake Sukra. Saka pamikire, mendah kaya ngapa mulyane dheweke manawa bisa nduweni bokor mau. Mula banjur gawe alesan anawa pengin luwih suwe anggone jagongan karo Sukra, su paya dheweke bisa nginep. Temenan, bengi iku Joko sida nginep ana kono.

Tangi turu Sukra ditakoni bojone baba gan Joko apa wis pamitan mulih kok ora ketok ing kamare. Sukra tanggap, banjur mlaku menyang kamar lan niliki bokore. Sukra ora kaget ngerti bokore ilang saka panggonane. Dheweke dadi kelingan impene dhek wingi bengi.

"Dadi iki werdine impenku wingi. Ya wis yen wis titi wancine bokor kudu bali, aku ikhlas, batine Sukra ngudarasa Iela kon kang nembe dialami. Sukra crita ma rang Sarti bab bokor sekola kang ilang uga bab impene wingi bengi. Sarti sarujuk karo pamikirane Sukra lan percaya yen sakabehe lelakon kuwi ana watese sauger manungsa gelem usaha lan ora lali ndo nga, Gusti Allah mesthi bisa ngowahi panguripane manungsa mau.

Seminggu sawise kedadeyan bokore Sukra ilang, juragane Joko nyambangi Sukra saperlu luwih ngraketake anggone ker jasama ing usaha mebelair. Saka juragane Joko mau Sukra krungu kabar manawa Joko wis dipundhut Sing Kuwasa kanthi lantaran dicokot ula ing kamare-kang kancingan saka njero. Sukra dadi legeg. Dheweke rumangsa luput amarga nganthi ketrucut ngomongake babagan bokor marang Joko kang ndadekake matine Joko. Nanging kabeh wis dadi kersane Gusti Allah. Manungsa ora bisa suwala marang kersane Gusti senajan arep polah sing kaya ngapa.

Sukra mung bisa ndongakake mugamuga Joko diparingi apura sakabehe ka luputane dening Gusti Allah.

Nanging anehe, bokor seloka ora dite mokake ing njero kamare Joko, kaya-kaya ilang tanpa lari. ∎

Picture

Index
Hosted by www.Geocities.ws

1