From: "Listy" <[email protected]
Date: Fri Aug 1, 2003 12:40 am
Subject: FW: Crito .. buat yg rindu 'boso jowo' .. :))

Balas Dendam

Wonokairun mlaku mlaku nang TP ijenan katene mejeng, dandane mbois gak gelem
kalah ambek ABG. Pas katene mulih dhadhak dirampok nang parkiran.
Kuabeh amblas, bronpit disikat, dompet amblas, klambi diplorot kari kampesan
thok. Wonokairun ngguondhok pol, toleh-toleh mbrebes mili nang tengah embong.

Wonokairun nyobak nyegat taksi, ambek njelasno lek mari dirampok.
Wonokairun janji mbayar taksine nang omah.
Tibake supir taksine iku gak percoyo, sombong poll, gak gelem nolong blas malah
ngilokno.
"Asline wong mbambung ae athik aksi ethok-ethok dirampok ! "jare supir taksine
nang ngarepe wong akeh. Wonokairun loro atine di isin-isin koyok ngono.
Wonokairun akhire terpaksa mlaku mulih nang Sepanjang buntelan koran.
Cumak yo ngono, Wonokairun dendam pol nang supir taksi iku mau, pokoke
ditengeri wonge lemu ireng kopiahan. Aku kudhu isok mbales ngisin-ngisin wong elek iki, pikire Wonokairun.

Minggu ngarepe, Wonokairun dulin nang TP ijenan maneh. Mari wis tuwuk dulin,
akhire Wonokairun mulih. Pas metu TP, akeh taksi sing antri golek penumpang.
Wonokairun sengojo golek supir taksi sing minggu wingi nglarakno ati, katene
balas dendam.Diurut mulai sing paling ngarep, Wonokairun nakoni supir taksine sithok-sithok.
"Cak, nang Sepanjang piro" takok Wonokairun.
"Biasa mbah, borongan ae seket ewu" jare supir taksine.
"Mari ngeterno, tak sodomi yo, ojok khawatir ongkose tak tambahi ?" takok
Wonokairun maneh.
"Wok nggilani !!!, Koen kiro aku iki homo tah mbah. Masio elek, aku iki wong
lanang normal mbah, goleko sing liyane ae !" jare supir taksi iku ambek
misuh-misuh tersinggung.

Kuabeh supir taksi sing dijak kencan jawabe podho kabeh ambek misuh-misuh gak
karuan, tapi Wonokairun cuek ae.
Sampek taksi sing paling mburi, akhire Wonokairun ketemu supir taksi lemu ireng
kopiahan sing digoleki. Koyoke supir taksine iku wis lali ambek Wonokairun.

"Cak, nang Sepanjang piro?" Wonokairun aksi takok.
"Biasa ae mbah, seket ewu. " jare supir taksine.
"Yo wis, ayok ndhang budhal." Wonokairun langsung numpak terus budhal,
Wonokairun sempet ngelirik kartu pengenale tibake jenenge Markun.

Mergo paling mburi, terpaksa supir taksine iku bengok-bengok ngongkon
konco-koncone sing nang ngarep minggir sithik cik isok lewat.
Bareng wis mlaku, Wonokairun dadah-dadah nang supir-supir taksi iku,
mesam-mesem ambek ngomong "Eenaaak teennaann . . ."

Konco-konco supir taksi sing ndhelok Markun malih bingung kuabeh gilo kudhu
mukok . . .

Hosted by www.Geocities.ws

1